Paramasastra Basa Jawa Baku jangkep aksara Jawi lan Sandhangane

- Author

Kamis, 5 Januari 2023 - 06:52 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Kawruhbasa.com – Paramasastra tegesipun kaluwihaning. Nanging menawi kababar langkung lebet, Paramasastra yaiku ngelmu kang nyinau babagan penulisan, aksara, wanda sarta tataning tembung lan ukara ing basa Jawa. (Paramasastra yaitu ilmu yang mempelajari tentang penulisan, aksara, ejaan/ bacaan Jawa, serta tata bahasa dan kalimat dalam bahasa Jawa)

Dene purwanipun hingkang karsa hanganggit wasta Empu Ajisaka, hing sasampunipun jemeneng Nata wonten ing nagari Purwacarita, inggih ing Medhangkamulan ajejuluk Prabu Widyaka. Ing nalika panganggitipun, asarembug kaliyan ingkang rayi sakawan, inggih punika:

  1. Resi Brahandang
  2. Resi Braradya
  3. Resi Brarunting
  4. Resi Canthaka Sandi

Nanging tembungipun taksih tembung Kawi, lajeng kasantunan tembung Jawi dening Penjenenganipun Suwargi R.Ng. Ronggowarsito, Pujangga Agung ing negari Surakarta Hadiningrat.

ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT

Hanacaraka (Carakan)

Cacahing carakan kalihdasa, inggih punika kados ing ngandhap menika:

ha: ꦲ,​ na: ꦤ,​ ca: ꦕ, ra: ​ꦫ,​ ka: ꦏ

da: ꦢ, ta: ​ꦠ​, sa: ꦱ​, wa: ꦮ​, la: ꦭ

pa: ꦥ, dha: ​ꦝ, ja: ​ꦗ, ya: ​ꦪ, nya: ​ꦚ

ma: ꦩ, ​ga: ꦒ​, ba: ꦧ, tha: ​ꦛ, nga: ​ꦔ

Aksara Jawi ing nginggil punika ugi winastan:

  1. Aksara Denta: Mila winastan mekaten, Denta punika tegesipun “pethak” pinirit taksih resik, dereng mawi sandhangan.
  2. Aksara Legena utawi Nglegena: mila winastan Legena utawi nglegena tegesipun “wuda” dereng mawi sandhangan.
  3. Kalpaprana: Mila winastan Kalpaprana ingkang tegesipun “Embaning manah “dados” “awak”. Pinirit saking manah saestunipun manah langkung ageng tinimbang awak. Mila aksara alit winastan kalpaprana.

Pelajari juga : Unggah ungguh Basa Jawa lengkap jenis dan penerapannya dalam percakapan sehari hari

Bab Panyerating Aksara Jawi

Bab penyerating Aksara Jawi punika satunggaling bab ingkang wigatos sanget tumrap para priyantun ingkang ngudi , ngleluri lan ngluhuraken kabudayan Jawi, kalebet kasusastran Jawi. Panyerating aksara Jawi punika satemenipun kedah sinerat wonten ing sangandhaping garis, dene amrih terangipun kados ing ngandhap punika:

Garis menggah tumrap panyerating aksara Jawi anggadhahi kajeng ingkang wigatos, inggih punika anedahaken lan hamujudaken pitedah luhur, inggih punika “Hangger Paugeraning Pangeran” ingkang kedah kita junjung inggil lan kita luhuraken.

Tembung “Hangger Paugeran” punika ugi saged dipun wastani: Tatanan, Pranatan, Aturan – Hukum, Kaidah, lan sanes-sanesipun kala wau prayoginipun kedah kita tuhoni lan kita tindakaken ingkang sak sae-saenipun, amrih anggen kita gesang ing alaming bebrayan agung saged manggih rahayu wilujeng nir-baya, nir-sikara, satemah saged manggih gesang ingkang tentrem lan wilujeng.

Dados sak sintena kemawon ingkang sampun pana caranipun panyerating aksara Jawi kados ing andharan nginggil, mboten badhe wantun-wantun hangewai caranipun nyerat, kedahipun nggandhul garis lajeng dipun ewahi tumumpang garis. Dene menawi sampun ewah caranipun nyerat, suraos ingkang kinandhut luhur ugi lajeng ewah suraosipun.

Aksara Jawi punika satemenipun mujudaken gegambaran badan kita utawi tiyang gesang wonten ing alam donya. Pramila aksara Jawi punika jangkepipun lajeng katambahan sandhangan (sandhanganing aksara) utawi sandhanganing tiyang gesang.

Dene bab sandhanganing tiyang gesang badhe kula andharaken maligi ing bab sanes, amargi isi suraos lan pitedah ingkang lebet, mboten saged menawi namung dipun ayati kanthi maos kemawon, nanging ugi kedah sarana lampah lan ngolah raos.

Baca juga Aksara Jawa: Penjelasan dan maknanya

Mangertosi sandhanganing Aksara Jawi

Sandhanganing Aksara Jawi punika ugi winastan “Aksara Nung Swara” ingkang tegesipun “Utamaning Swara”. Dene warnanipun sandhangan aksara Jawi punika kados ing ngandhap punika:

Arane
Sandhangan
WujudTegeseConto
Hulu
(Wulu)
wuluSirahꦱꦶꦗꦶ : Siji
Tarungan
(Taling Tarung)
taling tarungKuping Kiwaꦑꦺꦴꦮꦺ : Kowe
LayarlayarMata/Mripatꦭꦪꦂ : Layar
KeretkeretPajaleranꦑꦿꦺꦱꦺꦏ꧀ : Kresek
PangkonpangkonTiyang Lenggahꦡꦔꦤ꧀ : Tangan
CecekCecekIrungꦲꦶꦁ : Ing
GembunggembungAsta Kiwa
SukuSukuSikilꦨꦸꦏꦸ : Buku
PepetpepetEmbun-embunꦯꦒꦺꦢ꧀ : Saged
WignyanWignyanCangkem/Tutukꦓꦗꦃ : Gajah
PengkalPengkalAsta Tengenꦑꦾꦲꦶ : Kyai
TalinganTalingan (taling)Kuping Tengenꦙꦫꦺ : Jare
Cakra
(Guwung)
Cakra atau GuwungDhadhaꦑꦿꦱ : Krasa

Baca juga Sejarah Aksara Jawa: Asal Usul, Makna, dan Perkembangan

Hulu (Wulu)

wulu

Milanipun winastan “hulu” sarta “cecek” tegesipun “irung”. Nanging “hulu cecek” winastan malih “anuswara” ingkang tegesipun utamining swara saking grana, sabab swara punika dhanganipun wonten ing grana.

Winastan malih “humyataka” tegesipun “humarak”, sabab grana punika saged nyelakaken ambet ingkang tebih, kadasta : ambet arum, amis, lan sasaminipun. Ugi winastan malih “padarakan” ingkang tegesipun “tata-tata”, sabab grana punika raosipun landhep. Yen amambet wangi kaliyan amambet bacin saged hambedakaken.

Layar

layar

Layar tegesipun “mata utawi mripat”. Mila winastan “hulu layar” utawi “hulu layang” tegesipun “sirahing kawruh”.

Winastan malih “hasilaran” tegesipun “lepas”, winastan malih “repa” tegesipun “idep” sabab mripat punika panggenan idep.

Wignyan

Wignyan

Wignyan tegesipun “cangkem” utawi “tutuk”. Mila winastan Wignyan dene saged micara. Winastan malih “Sagnyan”, tegesipun “papaken”, sabab tutuk punika yen wicanten saking pakening manah.

Winastan malih “Wirsajja” menawi kaserat Jawi ( ꦮꦶꦂꦱꦗ꧀ꦗ ) ingkang tegesipun “awon sae”. Winastan malih “awirsajja” menawi kaserat Jawi ( ꦲꦮꦶꦂꦱꦗ꧀ꦗ ) ingkang tegesipun “langkung sae”.

Cakra

Cakra atau Guwung

Cakra tegesipun “dhadha” utawi “mider” utawi malih “sardaga”, ingkang tegesipun “panyana”, amendhet saking panyakraning manah.

Keret

keret

Keret tegesipun “pajaleran”. Mila winastan “suku keret” sabab gegolongan suku, winastan malih “srengkara” ingkang tegesipun “aben manis”

Suku Pengkal

Suku

Mula winastan “Suku Pengkal” kaliyan “suku gembung” dene sami gegolonganing suku, winastan malih kalih-kalihipun punika “wibaksya”, ingkang ngemu teges “langkung prigel”.

Dene “suku” ingkang sakyektosipun winastan “suku mulya” manawi kaserat Jawi ( ꦱꦸꦏꦸ​ꦩꦸꦭꦾ ) ingkang tegesipun suku lumampah.

Pangkon

pangkon

Pangkon tegesipun inggih “pangkon tiyang lenggah”. Mila pejahan punika winastan pangkon. Dene aksara ingkang pejah punika pinangku dening ingkang mejahi, dados anedahaken yen kendel.

Pelajari juga : Parikan: Pengertian lengkap dengan contohnya 2 baris dan 4 baris

Katerangan Aksara Jawi satunggal-tunggalipun

No.Aksara latinAksara JawaWarnaneTegesipun
1Haha kalpaprana
ha mahaprana
kalpaprana
mahaprana
awak
manah
2Nana denta dan mahaprana
na murda
denta
mahaprana
murda
untu
manah
sirah
3Caca kalpaprana, mahaprana, pasang yogyaparakalpaprana
mahaprana
pasang yogyapara
awak
manah
panuju
4Rara kalpapranakalpapranaawak
5Kaka kalpaprana lan mahapranakalpaprana
mahaprana
awak
manah
6Dada kalpaprana lan dwitakalpaprana
dwita
awak
sungsum (sungsun)
7Tata kalpaprana, pasang yogyapara, maha prana, murdakalpaprana
pasang yogyapara
maha prana
murda
awak
panuju
manah
sirah
8Sasa denta, murda, talawya, mahaprana, pasuttidenta
murda
talawya
mahaprana
pasutti
cethek
sirah
srengenge
manah
suci
9Wawa kalpaprana lan mahapranakalpaprana
mahaprana
awak
awak
10Lala mahapranamahaprana
mahaprana
manah
manah
11Papa kalpaprana pasang yogyapara palya mahapranakalpaprana
pasang yogyapara
palya
mahaprana
awak
panuju
awak
manah
12Dhadha kalpaprana mahapranakalpaprana
mahaprana
awak
manah
13Jaja kalpaprana mahapranakalpaprana
mahaprana
awak
manah
14Yaya kalpapranakalpapranaawak
15Nyaya kalpaprana yogyaparakalpaprana
yogyapara
awak
panuju
16Mama kalpapranakalpapranaawak
17Gaga kalpaprana
ga mahaprana
kalpaprana
mahaprana
awak
manah
18Baba kalpaprana mahapranakalpaprana
mahaprana
awak (hita = wiwitan)
manah (wilutan)
19Thatha kalpaprana mahapranakalpaprana
mahaprana
awak
manah
20Ngatha kalpapranakalpapranaawak

Wondena sadaya wau sami tinembungan kara, ngkang “awak asara” dereng sinandhangan kados ing ngandhap punika.

aksara jawa wuda tanpa sandhangan

Demikian yang dapat kami sampaikan mengenai Paramasastra Bahasa Jawa, semoga bermanfaat. Selalu kunjungi kawruhbasa.com atau ikuti kami di Google News untuk mendapatkan update terbaru.

Berita Terkait

Asal usul Aksara Jawa secara ilmiah dan jenisnya
Aksara Rekan Bahasa Jawa: Definisi, Sejarah, Fungsi, Jenis, dan Kaidah Penulisan
Sejarah Aksara Jawa: Asal Usul, Makna, dan Perkembangan
Cara Mudah Menerjemahkan Teks Latin ke Aksara Jawa
Aksara Jawa: Penjelasan dan maknanya
Berita ini 121 kali dibaca

Berita Terkait

Minggu, 3 September 2023 - 20:53 WIB

Asal usul Aksara Jawa secara ilmiah dan jenisnya

Kamis, 17 Agustus 2023 - 12:14 WIB

Aksara Rekan Bahasa Jawa: Definisi, Sejarah, Fungsi, Jenis, dan Kaidah Penulisan

Kamis, 2 Maret 2023 - 10:37 WIB

Sejarah Aksara Jawa: Asal Usul, Makna, dan Perkembangan

Selasa, 28 Februari 2023 - 14:43 WIB

Cara Mudah Menerjemahkan Teks Latin ke Aksara Jawa

Kamis, 5 Januari 2023 - 06:52 WIB

Paramasastra Basa Jawa Baku jangkep aksara Jawi lan Sandhangane

Selasa, 3 Januari 2023 - 18:35 WIB

Aksara Jawa: Penjelasan dan maknanya

Berita Terbaru

Uncategorized

Apa yang dimaksud Kawruh Basa?

Sabtu, 20 Apr 2024 - 07:48 WIB

Bahasa Jawa

Apa bahasa Kramane ibu lunga menyang pasar?

Minggu, 17 Mar 2024 - 22:37 WIB

Bahasa Jawa

Sejarah Bahasa Kraton Jawa Kuno

Sabtu, 16 Mar 2024 - 00:32 WIB

Bahasa Jawa

Basa Bagongan, bahasa Jawa dalam kalangan istana

Jumat, 15 Mar 2024 - 22:01 WIB

Bahasa Jawa

Basa Krama Desa Bahasa Jawa yang terkesan memaksakan kata

Jumat, 15 Mar 2024 - 10:34 WIB