Contoh Panyandra Upacara Panggih Temanten Jawa

- Author

Selasa, 2 Mei 2023 - 12:10 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Panyandra Upacara Panggih Temanten adalah ucapan yang disampaikan oleh panatacara saat pengantin putra dan putri dipertemukan di depan tempat pawiwahan. Ucapan ini penuh dengan personifikasi menggunakan bahasa Jawa krama yang dicampur dengan tembung Kawi, sehingga sangat indah terdengar. Semakin pandai panatacara atau dalang nganten dalam merakit kata maka akan semakin tinggi nilai sastra yang dihasilkan, sehingga terkadang tamu undangan terlena dengan kalimat yang diucapkan sang panatacara atau pambiawara.

Sebelumnya sampai ke acara temu nganten ini, panatacara telah melakukan 3 panyandra yaitu:

  1. Panyandra Pengantin Putri Mijil
  2. Panyandra Duta Pamethuk
  3. Panyandra Sowanipun Temanten Kakung

Untuk itu, bagi anda yang ingin belajar menjadi panatacara atau pambiawara sebaiknya pelajari ketiga artikel di atas.

ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT

Lalu bagaimana bahasa Jawa yang digunakan untuk diucapkan pada upacara temu pengantin Jawa? Silahkan baca di bawah ini, kemudian sesuaikan dengan situasi dan kondisi.

temu nganten Jawa

Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing papesthen, ing madyaning wisma pawiwahan ing siang/dalu punika, wonten titahing Gusti arupi jalu pawestri, bangkit manunggalaken karsa arsa ngancik ing alaming bebrayan, hanetepi upacara adat widhiwidana ingkang sampun sinengker, inggih punika upacara panggih. Panggih hamengku werdi Pangudi Gambuhing Penggalih.

Lon-lonan tindakira sri penganten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra mahanani manunggaling karsa, ginugah rasane, amung sajuga kang cinipta, antuka bagya mulya ing donya tekeng delahan.

Saya caket tindakira sri penganten kekalih, nulya kumlawe astane penganten putri hambalang gantalan mring penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Semanten ugi penganten kakung gumanti hambalang gantalan gondhang tutur, dhumateng gegununganing manah.

Gantalan punika suruh ingkang temu rose, ginulung ing salebetipun isi jambe nem, tinangsulan benang lawe. Dene werdinipun manunggaling karsa antawisipun jalu pawestri kadya suruh lumah kurepe, dinulu seje warnane, ginigit tunggal rasane..

Sangsaya caket lampahe sri penganten sarimbit, anyaketi kendhaga kencana isi tirta wening, paweninganing kautaman katingal kambang-kambang kumambanging tri puspita warna; kanthil, melathi, sarta mawar.

Kanthil; kumanthiling katresnan penganten putri. Melathi; awit saking kedaling lathi sri penganten kakung. Mawar; arum mangambar gandane ing donya tekeng delahan.

Para rawuh, penganten sarimbit sampun tangkep asta, sigra anjengku sri penganten putri ing ngarsanipun ingkang garwa, anyaketi kendhaga kencana.

Sawusnya sri penganten kakung amecah hantiga, sigra winijikan dening sri penganten putri, pratandha tan ana kang pantes hangayomi, anenuntun, hanganthi keblating panembah mring Gusti, kajawi sang binagus.

Wus paripurna upacara panggih, sigra penganten kekalih jumeneng jajar sumandhing, siningepan sindur warna rekta lan seta dening ingkang ibu, asung pralampita putra temanten sarimbit, tansah tinuntun ing reh kautaman, wani marang bebener wedi marang kanisthan.

Temanten sarimbit tumunten binoyong lampahe, rinangkul kinempit-kempit dening ingkang ibu jengkar saking sasana panggih, tumuju mring palenggahanira kanthi sesanti jaya-jaya wijayanti.

Laju lampahe kang pindha narendra, dupi wus prapteng hunggyaning kang sinedya, inggih ing dhampar rinengga sigra lenggah jajar, keket raket renggang gula kumepyur pulut, sumunar cahyane, ilang sipating titah pindha dewaning asmara ngejawantah.

Demikian “Contoh Panyandra Upacara Panggih Temanten Jawa” semoga bermanfaat bagi anda yang sedang belajar menjadi panatacara.

Berita Terkait

Dasanama bumi
Bahasa Jawa bawah dan atas
Apa bahasa kramanya hari ini?
Bahasa Jawanya kemarin
Bahasa Jawanya bagaimana
Bahasa Jawanya besok
Apa bahasa Jawanya dimana kamu?
Artinya Jawa kamu lagi apa?
Berita ini 2,020 kali dibaca

Berita Terkait

Rabu, 20 September 2023 - 07:43 WIB

Notasi Ketawang Jamuran Slendro 9

Rabu, 20 September 2023 - 07:34 WIB

Notasi Ketawang Dumadi Slendro 9

Selasa, 19 September 2023 - 23:51 WIB

Notasi Ketawang Dlongeh Slendro 9

Sabtu, 9 September 2023 - 09:28 WIB

Notasi Ketawang Dholo Slendro 9

Sabtu, 9 September 2023 - 09:08 WIB

Notasi Ketawang Dhendha Slendro 9

Sabtu, 9 September 2023 - 08:55 WIB

Notasi Ketawang Dhandhanggula Tlutur Slendro 9

Sabtu, 9 September 2023 - 08:40 WIB

Notasi Ketawang Cakrawala Slendro 9

Selasa, 15 Agustus 2023 - 09:33 WIB

Notasi Ketawang Tambang Laras Pelog Barang

Berita Terbaru

Sejarah Jawa

Nama Kota Besar di Pulau Jawa

Selasa, 24 Okt 2023 - 15:39 WIB

Sejarah Jawa

Kerajaan yang Ada di Indonesia yang Wajib Anda ketahui

Selasa, 24 Okt 2023 - 15:23 WIB

Sejarah Jawa

Luas Jawa Tengah

Selasa, 24 Okt 2023 - 15:06 WIB

Sejarah Jawa

Peta Pulau Jawa Lengkap

Selasa, 24 Okt 2023 - 13:49 WIB

Bahasa Jawa

Dasanama bumi

Rabu, 20 Sep 2023 - 11:02 WIB