Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung dan Panampi Singkat Bahasa Jawa

- Author

Selasa, 7 Maret 2023 - 21:00 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Surakarta – Atur Pasrah Temanten Kakung adalah pidato berbahasa Jawa yang dilakukan oleh perwakilan dari keluarga pengantin pria yang ditujukan kepada orang tua pengantin putri saat akan dilaksanakannya temu nganten. Sedangkan atur panampi adalah tanggapan dari perwakilan orang tua pengantin putri.

Upacara ini biasanya dilaksanakan setelah ahad nikah, misalnya ahad nikah dilaksanakan pukul 08.00 WIB yang dipimpin oleh Bp. Naib dari KUA setempat, maka upacara temu pengantin dimulai sekitar pukul 11.00 WIB, meskipun tidak selalu. Maka status kedua mempelai bukan lagi sebagai calon pengantin, tetapi sudah menjadi pengantin.

Upacara temu nganten ini biasanya telah disepakati oleh kedua belah pihak antara kedua orang tua calon pengantin putra dan putri. Seperti yang telah kita bahas sebelumnya, yaitu upacara lamaran.

ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT

Baca juga: Contoh atur pasrah lamaran singkat bahasa Jawa

Pada saat itulah keluarga pengantin pria membawa rombongan sanak saudara dan tetangga terdekat untuk datang bertamu di rumah pengantin putri yang sudah menyiapkan semuanya dengan meriah. Terkadang ada juga hiburan seperti campursari, karawitan, atau bahkan orkes melayu.

Dalam membawakan atur pasrah dan panampi menggunakan basa krama, untuk itu bagi yang belum fasih silahkan pelajari Kosakata Basa Krama Inggil.

Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung Bahasa Jawa

Atur pasrah temanten adalah ungkapan atau simpelnya perkataan menyerahkan pengantin kakung (pria) kepada orang tua pengantin putri.

atur pasrah temanten kakung

Sebelum wakil dari pihak pengantin pria melakukan atur pasrah temanten, pambiwara atau panatacara, atau dalam bahasa Indonesia di sebut pembawa acara, membacakan tata urutan upacara temu nganten.

Setelah pembacaan acara selesai, pambiwara mengajak kepada semua tamu untuk memulai acara tersebut dengan membaca bismilah bersama-sama dengan maksud agar acara tersebut lancar hingga selesai.

Setelah itu, acara dilanjutkan dengan masuknya pengantin putri ke pawihan, biasanya dengan diiringi gending Jawa ketawang Puspowarno atau ketawang Sekar Tejo.

Setelah pengantin putri duduk di kursi pelaminan, tiba saatnya panatacara mempersilahkan perwakilan dari keluarga pengantin pria untuk maju untuk melakukan atur pasrah. Bagi yang ingin belajar bagaimana berpidato atur Adapun teks atur pasrah tersebut kurang lebih sebagai berikut:

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha sagung Dumadi” tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjenengan sadaya.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula” cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan.

Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji minangka dhuta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/lbu ……….. (besan), kula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung, mugi katur panjenenganipun Bapa/lbu ……….. (ingkang mengku gati).

Panjenenganipun Bapa …………. (ingkang nampi) ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/lbu …… ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.

Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/lbu …… (besan) boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun Bapa/lbu ……….. (orang tua pengantin putri) ingkang lumantar kawula.

Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Jangkep kaping kalih, rehning putra calon temanten kakung pun Bagus …….(nama pengantin pria), atmaja kakung saking Bapa/lbu………. (besan) ingkang pidalem ing ……………, sampun kelampahan ijab/ dhaup suci kaliyan Rara ……………(nama pengantin putri), kenya siwi saking panjenenganipun Bapa/Ibu ………, kala wau dinten …………., surya kaping ………. wanci tabuh ……., mapan ing dalem ……….. mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.

Sarehning sampun ndungkap titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi tumunten katindakna dhaup panggihing temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing……….

Kula sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji donga mugi Gusti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedya.

Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong temanten kakung, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan tansah manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.

Semanten ugi, hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten gonyak-ganyuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, Wassalaamu’alaikum Wr. Wb.

Setelah atur pasrah di atas, maka waktu dan tempat dikembalikan kepada pambiwara/panatacara untuk melanjutkan acara.

Pelajari juga Contoh teks atur Pambagyo Harjo Temanten singkat Bahasa Jawa

Contoh Teks Atur Panampi Besan Bahasa Jawa

Atur Panampi adalah tanggapan singkat dari pihak orang tua putri, bahwasannya secara resmi pihak besan sudah menerima pasrah dengan senang hati atas pengantin pria yang sudah diserahkan.

Untuk menganggapi atur pasrah, pambiwara mempersilahkan perwakilan dari pihak pengantin putri untuk melakukan atur panampi.

Adapun pidato atur panampi dalam bahasa Jawa adalah sebagai berikut:

Assalaamw’alaikum Wr. Wb. Dhumateng panjenenganipun Bapa …………………… (ingkang pasrah) ingkang piniji angembani wuwus, mangka duta saraya, sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/lbu …………… (besan) ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.

Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, inggih awit mradapa keparengipun kadang kula sepuh raka Mas ………..……. sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa/Ibu ………, Iumantar panjenenganipun Bapa …….…. (ingkang pasrah).

Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, satemah saget nglarapaken sekar cepaka mulya sasele, inggih putra calon temanten kakung pun Bagus ……………, kanthi wilujeng nir baya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.

Sanget katampi kanthi bingahing manah, salam taklim saking panjenenganipun Bapar/lbu ……………., ingkang salajengipun badhe kula aturaken wonten ngarsanipun raka mas …………… sarimbit, mugi-mugi awit saking pangestunipun, sageda handayani anggenipun mengku karya, hanetepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Semanten ugi, lumaraping sekar cepaka mulya sasele, inggih pasrahipun putra calon temanten kakung katampi kanthi suka renaning penggalih. Suka bingahing manah saking panjenenganipun raka mas ……. sarimbit, menawi kenging kawedhar ing akathah, saha kepareng rinumpaka ing ukara, kadi kajugrugan wukir sari kabelebeging samodra madu.

Ing salajengipun, menawi sampun dumugi titi wanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken anut satataning adat widhi widana ingkang sampun sinengker ing tlatah …….., saha badhe kabiwadha sakadaripuni dening panjenenganipun raka mas ………… sakukuban.

Dhumateng panjenenganipun Bapa ……………………….. (ingkang pasrah) dalah pangaraking putra calon temanten kakung, sasampunipun mangke putra calon temanten kapanggihaken, kula suwun pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan, saperlu hangestreni tuwin paring berkah pangestu dhumateng temanten sarimbit, mugi-mugi anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinuju, basuki ingkang kaesthi, miwah tansah gagah ingkang jinangkah.

Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kawula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih jalanidhi pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih anggen kawula matur wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.

Aakhirul kalam, uushikum wanafsi bitagwallaah.

Wassaalaamu’alaikum Wr. Wb.

Bagi anda yang sedang belajar, berikut kami lampirkan video contoh atur pasrah dan panampi secara singkat dan jelas. Perhatikan videonya di bawah ini!

Baca juga Contoh teks atur panampi pasrah lamaran dari keluarga calon pengantin putri

Demikian yang dapat kami sampaikan mengenai “Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung dan Panampi Singkat Bahasa Jawa“, semoga memberi manfaat bagi yang membutuhkan. Selalu kunjungi Kawruhbasa.com untuk mendapatkan update artikel terbaru seputar Bahasa Jawa, atau ikuti kami di Google News

Berita Terkait

Bahasa Jawa kecewa dan artinya
Arti loro ati bahasa Jawa
Apa bahasa Kramane ibu lunga menyang pasar?
Sejarah Bahasa Kraton Jawa Kuno
Basa Bagongan, bahasa Jawa dalam kalangan istana
Basa Krama Desa Bahasa Jawa yang terkesan memaksakan kata
Arti “Gemati” kosakata Bahasa Jawa yang artinya lebih dari sekedar perhatian
Basa Krama Inggil Bahasa Jawa yang sering digunakan oleh ratu
Berita ini 2,649 kali dibaca

Berita Terkait

Sabtu, 4 Mei 2024 - 14:46 WIB

Bahasa Jawa kecewa dan artinya

Sabtu, 4 Mei 2024 - 13:07 WIB

Arti loro ati bahasa Jawa

Minggu, 17 Maret 2024 - 22:37 WIB

Apa bahasa Kramane ibu lunga menyang pasar?

Sabtu, 16 Maret 2024 - 00:32 WIB

Sejarah Bahasa Kraton Jawa Kuno

Jumat, 15 Maret 2024 - 10:34 WIB

Basa Krama Desa Bahasa Jawa yang terkesan memaksakan kata

Kamis, 14 Maret 2024 - 21:28 WIB

Arti “Gemati” kosakata Bahasa Jawa yang artinya lebih dari sekedar perhatian

Kamis, 14 Maret 2024 - 11:11 WIB

Basa Krama Inggil Bahasa Jawa yang sering digunakan oleh ratu

Kamis, 14 Maret 2024 - 10:36 WIB

Basa Wredha Krama bahasa Jawa yang sudah jarang dipakai

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa kecewa dan artinya

Sabtu, 4 Mei 2024 - 14:46 WIB

Bahasa Jawa

Arti loro ati bahasa Jawa

Sabtu, 4 Mei 2024 - 13:07 WIB

Uncategorized

Apa yang dimaksud Kawruh Basa?

Sabtu, 20 Apr 2024 - 07:48 WIB

Bahasa Jawa

Apa bahasa Kramane ibu lunga menyang pasar?

Minggu, 17 Mar 2024 - 22:37 WIB

Bahasa Jawa

Sejarah Bahasa Kraton Jawa Kuno

Sabtu, 16 Mar 2024 - 00:32 WIB