Contoh teks atur Pambagyo Harjo Temanten singkat Bahasa Jawa

- Author

Sabtu, 11 Maret 2023 - 08:52 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Kawruhbasa.com – Atur pambagyo harjo adalah salah satu acara dalam upacara temu nganten adat Jawa yang dilakukan oleh perwakilan tuan rumah dengan menggunakan bahasa krama inggil setelah pidato atur pasrah dan atur panampi.

Maksud dan tujuan atur pambagyo harjo adalah ucapan terima kasih atas kedatangan tamu, memberitahukan inti dari acara tersebut, minta do’a restu atas terlaksananya pernikahan kedua mempelai, dan mempersilahkan rombongan tamu dari pengantin putra agar duduk dengan santai sambil menikmati makanan maupun minuman yang telah disuguhkan.

Pidato atur pambagyo harjo, biasanya dilakukan dengan singkat. Namun ada juga yang agak panjang karena si pembawa atur pambagyo harjo suka guyonan yang secara otomatis berinteraksi langsung dengan para tamu.

Contoh teks atur Pambagyo Harjo singkat

atur Pambagyo Harjo Temanten singkat Bahasa Jawa

Di kutip dari Buku “Wacana Kawedhar” karangan Sarwanto MS. S. Kar., M.Hum, bagi anda yang ingin belajar bagaimana berpidato atur Pambagyo Harjo dalam bahasa Jawa yang baik dan singkat berikut teksnya:

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.

Panjenenganipun para sarjana sujaneng budi, para priyagung pangemban pangembatiNng praja, para satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Para kadang mitra, wredha mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahipun dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak. mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa/lbu ……………………. (ingkang mengku gati), kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang/dalu kalenggahan punika.

Inggih kabekta saking mongkogking manah saha karoban ing sih panjenengan sami, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyosing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, mila lajeng anyaraya dhumateng kawula.

Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambekala, keparenga langkung rumiyin kawula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa Ian kasalira dhumateng kula lan panjenengan sadaya, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/lbu ……………….., anggenipun angrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing siyang/dalu kalenggahan punika, panjenenganipun Bapa/lbu ………………….. ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos mboten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi kasekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.

Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa/ibu ……….. hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sedhahan (kintaka wara), bilih panjenenganipun Bapa/lbu ………………….., hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih Rara …………………………, jinatukrama/dhaup kaliyan Bagus ……….., putra kakungipun Bapa/lbu ……….., Ingkang pidalem ing ……..:………………. Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala.

Ingkang punika panjenenganipun Bapa/lbu ….., mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan sami, mugi wontena suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng penganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu, basuki ingkang kaesthi, enggal kaparingan pituwasing patembayatan, momong putra, kanthi prajanjen Brayat Rinancang.

Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman, ingkang punika panjenenganipun Bapa/lbu …….ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-impah.

Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang boten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kilrang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh , suguh ingkang kirang lawuh, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami.

Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, tutur kelantur-lantur, saha wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesondheran, apuranta menawi lepat atur kawula.

Aakhirul kalam, uushikum wanafsi bitagwallaah

Wassalaamu’alaikum Wr. Wb.

Agar lebih mempermudah anda belajar berpidato atur pambagyo harjo temanten, baiknya perhatikan video di bawah ini dengan seksama.

Baca juga Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Supitan

Demikian yang dapat kami sampaikan mengenai “Contoh teks atur Pambagyo Harjo Temanten singkat Bahasa Jawa”, semoga menuai manfaat bagi yang membutuhkan. Selalu kunjungi Kawruhbasa.com untuk mendapatkan update artikel terbaru seputar bahasa Jawa dan seni budaya, atau ikuti kami di Google News.

Berita Terkait

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia
Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari
Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata
Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa
Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi
Mengenal Perbedaan dan Penggunaan Ngoko Alus dan Ngoko Lugu dalam Bahasa Jawa
Minta maaf dalam bahasa Jawa
Dhapukane (susunan) tembung Jawa

Berita Terkait

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:44 WIB

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:38 WIB

Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata

Sabtu, 20 Juli 2024 - 15:11 WIB

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Minggu, 14 Juli 2024 - 11:34 WIB

Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:44 WIB

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Sabtu, 20 Jul 2024 - 15:11 WIB