Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Supitan

- Author

Jumat, 31 Maret 2023 - 12:03 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Atur Pambagyo Harjo Supitan adalah sebuah sebuah pidato pada sebuah acara khitanan pada masyarakat Jawa yang disampaikan oleh perwakilan yang ditunjuk tuan rumah dengan menggunakan bahasa Krama Inggil atau bahasa Jawa halus.

Pidato berbahasa Jawa ini diadakan ketika acaranya dibuat semarak dengan mengundang tetangga dan sanak saudara. Namun, jika acaranya tidak dibuat meriah, pidato tersebut biasanya tidak diadakan, tetapi jika ada tamu akan disambut oleh orang tua dari anak yang dikhitankan.

Isi dari pidato atur Pambagyo Harjo Supitan adalah sebagai berikut:

  1. Pembukaan
  2. Ucapan selamat datang dan terima kasih atas kedatangan para tamu undangan.
  3. Mempersilahkan duduk dengan santai dan menikmati makanan yang telah disuguhkan.
  4. Pemberitahuan maksud mengundang tamu, dan kapan khitanan dilaksanakan.
  5. Penutup.

Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Supitan

Teks Atur Pambagyo Harjo Supitan di bawah ini hanyalah contoh, jika ada yang kurang pas dengan yang inginkan admin mohon maaf. Namun admin tetap berusaha agar teks pidato khitanan berbahasa Jawa ini bermanfaat bagi yang membutuhkan.

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Menapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri, ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Katentreman, kabagyan saha karahayon kagunganipun Gusti ingkang Maha Mirah, mugi tansah lumintu dhumateng panjenengan sadaya, hangluberana dhumateng kawula. Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, sinartan hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi, mugi pinarengna kawula cumanthaka mangrurah pradataning pasamuan, labet kawula badhe minangkani panyuwunipun kadang kula anem adhimas …………….(nama orang tua laki-laki yang dikhitankan)…sarimbit garwa, kinen hangaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati pahargyan prasaja ing ratri kalenggahan punika.

Minangka purwakaning atur sinawung raos bombong saha mongkoking manah, adhimas ……………….(nama orang tua laki-laki yang dikhitankan) ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit karawuhan panjenengan sami.

Ing salajengipun mugi sakecakna pinarak ing palenggahan, kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurmaning pahargyan.

Wondene menggah wosing gati, gatining sedya wontenipun pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika, sanadyan sampun kawuningan ing serat sedhahan miwah ing warta ingkang binandhunging karma, namung dereng lega raosing manah menawi dereng kaaturaken wonten ngarsanipun para tamu ngiras pantes nyuwunaken tambahing puji donga lan pangestu.

Inggih awit saking rahmating Gusti, saha sinurung puji donga saking para sepuh, kadang kula anem adhimas ……………(nama orang tua laki-laki yang dikhitankan) sampun kelampahan nindakaken kuwajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginadhuhan atmaja kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila hanggadhahi kuwajiban netepi dhawuhing agami, ngislamaken, nyupitaken putra kakung ingkang pambayun, nami pun …………… (nama anak laki-laki yang dikhitankan).

Wondene tumapaking pugut rejang hernowo supit, sampun kelampahan kala wau sonten wanci tabuh gangsal (ganti sesuai jam pelaksanaan), kanthi rahayu wilujeng kalis ing sambekala, awit saking pangayomaning Gusti.

Ingkang punika adhimas………….(nama orang tua laki-laki yang dikhitankan) kekalih, nyuwun tambahing donga pamuji, mugi-mugi anak kula ……………….(nama anak laki-laki yang dikhitankan) enggal saras saking panandhang, miwah ical sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare ingkang susila, utama, miwah piguna dhumateng bangsa, murakabi dhumateng sesami.

Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saget kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih, saha panjenenganipun para tamu ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman

Ingkang punika kadang kula anem adhimas …………………..(nama orang tua laki-laki yang dikhitankan) kekalih, ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.

Minangka puputing atur, sanadyan pahargyan punika ing tebih saderengipun sampun rinantam, ewa semanten taksih wonten kekiranganipun, inggih awit saking rupeg lan Gupeting kawontenan ingkang sarwa prasaja, lugas datanpa pepaes, miwah boja krama ingkang mboten saged anuju prana, anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kawula hanampi menggah kerawuhan panjenengan sami, mawantu-wantu panjenenganipun adhimas .:…………..(nama orang tua laki-laki yang dikhitankan) nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksami.

Semanten ugi, kawula ingkang piniji mangarsa ngabyantara para tamu, hambok bilih wonten kirang subasita, anggen kawula magut wicara, hangrakit basa, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, Wassalaamua’ alaikum Wr. Wb.

Baca juga Contoh teks atur Pambagyo Harjo Temanten singkat Bahasa Jawa

Demikian “Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Supitan” yang bisa kami sampaikan, semoga memberikan inspirasi bagi yang ingin bisa berpidato dalam bahasa Jawa yang halus.

Berita Terkait

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia
Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari
Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata
Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa
Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi
Mengenal Perbedaan dan Penggunaan Ngoko Alus dan Ngoko Lugu dalam Bahasa Jawa
Minta maaf dalam bahasa Jawa
Dhapukane (susunan) tembung Jawa

Berita Terkait

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:44 WIB

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:38 WIB

Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata

Sabtu, 20 Juli 2024 - 15:11 WIB

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Minggu, 14 Juli 2024 - 11:34 WIB

Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:44 WIB

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Sabtu, 20 Jul 2024 - 15:11 WIB