Kawruhbasa.com – Paramasastra tegesipun kaluwihaning. Nanging menawi kababar langkung lebet, Paramasastra yaiku ngelmu kang nyinau babagan penulisan, aksara, wanda sarta tataning tembung lan ukara ing basa Jawa. (Paramasastra yaitu ilmu yang mempelajari tentang penulisan, aksara, ejaan/ bacaan Jawa, serta tata bahasa dan kalimat dalam bahasa Jawa)
Dene purwanipun hingkang karsa hanganggit wasta Empu Ajisaka, hing sasampunipun jemeneng Nata wonten ing nagari Purwacarita, inggih ing Medhangkamulan ajejuluk Prabu Widyaka. Ing nalika panganggitipun, asarembug kaliyan ingkang rayi sakawan, inggih punika:
- Resi Brahandang
- Resi Braradya
- Resi Brarunting
- Resi Canthaka Sandi
Nanging tembungipun taksih tembung Kawi, lajeng kasantunan tembung Jawi dening Penjenenganipun Suwargi R.Ng. Ronggowarsito, Pujangga Agung ing negari Surakarta Hadiningrat.
Daftar isi artikel
Hanacaraka (Carakan)
Cacahing carakan kalihdasa, inggih punika kados ing ngandhap menika:
ha: ꦲ, na: ꦤ, ca: ꦕ, ra: ꦫ, ka: ꦏ
da: ꦢ, ta: ꦠ, sa: ꦱ, wa: ꦮ, la: ꦭ
pa: ꦥ, dha: ꦝ, ja: ꦗ, ya: ꦪ, nya: ꦚ
ma: ꦩ, ga: ꦒ, ba: ꦧ, tha: ꦛ, nga: ꦔ
Aksara Jawi ing nginggil punika ugi winastan:
- Aksara Denta: Mila winastan mekaten, Denta punika tegesipun “pethak” pinirit taksih resik, dereng mawi sandhangan.
- Aksara Legena utawi Nglegena: mila winastan Legena utawi nglegena tegesipun “wuda” dereng mawi sandhangan.
- Kalpaprana: Mila winastan Kalpaprana ingkang tegesipun “Embaning manah “dados” “awak”. Pinirit saking manah saestunipun manah langkung ageng tinimbang awak. Mila aksara alit winastan kalpaprana.
Pelajari juga : Unggah ungguh Basa Jawa lengkap jenis dan penerapannya dalam percakapan sehari hari
Bab Panyerating Aksara Jawi
Bab penyerating Aksara Jawi punika satunggaling bab ingkang wigatos sanget tumrap para priyantun ingkang ngudi , ngleluri lan ngluhuraken kabudayan Jawi, kalebet kasusastran Jawi. Panyerating aksara Jawi punika satemenipun kedah sinerat wonten ing sangandhaping garis, dene amrih terangipun kados ing ngandhap punika:
Garis menggah tumrap panyerating aksara Jawi anggadhahi kajeng ingkang wigatos, inggih punika anedahaken lan hamujudaken pitedah luhur, inggih punika “Hangger Paugeraning Pangeran” ingkang kedah kita junjung inggil lan kita luhuraken.
Tembung “Hangger Paugeran” punika ugi saged dipun wastani: Tatanan, Pranatan, Aturan – Hukum, Kaidah, lan sanes-sanesipun kala wau prayoginipun kedah kita tuhoni lan kita tindakaken ingkang sak sae-saenipun, amrih anggen kita gesang ing alaming bebrayan agung saged manggih rahayu wilujeng nir-baya, nir-sikara, satemah saged manggih gesang ingkang tentrem lan wilujeng.
Dados sak sintena kemawon ingkang sampun pana caranipun panyerating aksara Jawi kados ing andharan nginggil, mboten badhe wantun-wantun hangewai caranipun nyerat, kedahipun nggandhul garis lajeng dipun ewahi tumumpang garis. Dene menawi sampun ewah caranipun nyerat, suraos ingkang kinandhut luhur ugi lajeng ewah suraosipun.
Aksara Jawi punika satemenipun mujudaken gegambaran badan kita utawi tiyang gesang wonten ing alam donya. Pramila aksara Jawi punika jangkepipun lajeng katambahan sandhangan (sandhanganing aksara) utawi sandhanganing tiyang gesang.
Dene bab sandhanganing tiyang gesang badhe kula andharaken maligi ing bab sanes, amargi isi suraos lan pitedah ingkang lebet, mboten saged menawi namung dipun ayati kanthi maos kemawon, nanging ugi kedah sarana lampah lan ngolah raos.
Baca juga Aksara Jawa: Penjelasan dan maknanya
Mangertosi sandhanganing Aksara Jawi
Sandhanganing Aksara Jawi punika ugi winastan “Aksara Nung Swara” ingkang tegesipun “Utamaning Swara”. Dene warnanipun sandhangan aksara Jawi punika kados ing ngandhap punika:
Arane Sandhangan | Wujud | Tegese | Conto |
---|---|---|---|
Hulu (Wulu) | Sirah | ꦱꦶꦗꦶ : Siji | |
Tarungan (Taling Tarung) | Kuping Kiwa | ꦑꦺꦴꦮꦺ : Kowe | |
Layar | Mata/Mripat | ꦭꦪꦂ : Layar | |
Keret | Pajaleran | ꦑꦿꦺꦱꦺꦏ꧀ : Kresek | |
Pangkon | Tiyang Lenggah | ꦡꦔꦤ꧀ : Tangan | |
Cecek | Irung | ꦲꦶꦁ : Ing | |
Gembung | Asta Kiwa | ||
Suku | Sikil | ꦨꦸꦏꦸ : Buku | |
Pepet | Embun-embun | ꦯꦒꦺꦢ꧀ : Saged | |
Wignyan | Cangkem/Tutuk | ꦓꦗꦃ : Gajah | |
Pengkal | Asta Tengen | ꦑꦾꦲꦶ : Kyai | |
Talingan | Kuping Tengen | ꦙꦫꦺ : Jare | |
Cakra (Guwung) | Dhadha | ꦑꦿꦱ : Krasa |
Baca juga Sejarah Aksara Jawa: Asal Usul, Makna, dan Perkembangan
Hulu (Wulu)
Milanipun winastan “hulu” sarta “cecek” tegesipun “irung”. Nanging “hulu cecek” winastan malih “anuswara” ingkang tegesipun utamining swara saking grana, sabab swara punika dhanganipun wonten ing grana.
Winastan malih “humyataka” tegesipun “humarak”, sabab grana punika saged nyelakaken ambet ingkang tebih, kadasta : ambet arum, amis, lan sasaminipun. Ugi winastan malih “padarakan” ingkang tegesipun “tata-tata”, sabab grana punika raosipun landhep. Yen amambet wangi kaliyan amambet bacin saged hambedakaken.
Layar
Layar tegesipun “mata utawi mripat”. Mila winastan “hulu layar” utawi “hulu layang” tegesipun “sirahing kawruh”.
Winastan malih “hasilaran” tegesipun “lepas”, winastan malih “repa” tegesipun “idep” sabab mripat punika panggenan idep.
Wignyan
Wignyan tegesipun “cangkem” utawi “tutuk”. Mila winastan Wignyan dene saged micara. Winastan malih “Sagnyan”, tegesipun “papaken”, sabab tutuk punika yen wicanten saking pakening manah.
Winastan malih “Wirsajja” menawi kaserat Jawi ( ꦮꦶꦂꦱꦗ꧀ꦗ ) ingkang tegesipun “awon sae”. Winastan malih “awirsajja” menawi kaserat Jawi ( ꦲꦮꦶꦂꦱꦗ꧀ꦗ ) ingkang tegesipun “langkung sae”.
Cakra
Cakra tegesipun “dhadha” utawi “mider” utawi malih “sardaga”, ingkang tegesipun “panyana”, amendhet saking panyakraning manah.
Keret
Keret tegesipun “pajaleran”. Mila winastan “suku keret” sabab gegolongan suku, winastan malih “srengkara” ingkang tegesipun “aben manis”
Suku Pengkal
Mula winastan “Suku Pengkal” kaliyan “suku gembung” dene sami gegolonganing suku, winastan malih kalih-kalihipun punika “wibaksya”, ingkang ngemu teges “langkung prigel”.
Dene “suku” ingkang sakyektosipun winastan “suku mulya” manawi kaserat Jawi ( ꦱꦸꦏꦸꦩꦸꦭꦾ ) ingkang tegesipun suku lumampah.
Pangkon
Pangkon tegesipun inggih “pangkon tiyang lenggah”. Mila pejahan punika winastan pangkon. Dene aksara ingkang pejah punika pinangku dening ingkang mejahi, dados anedahaken yen kendel.
Pelajari juga : Parikan: Pengertian lengkap dengan contohnya 2 baris dan 4 baris
Katerangan Aksara Jawi satunggal-tunggalipun
No. | Aksara latin | Aksara Jawa | Warnane | Tegesipun |
---|---|---|---|---|
1 | Ha | kalpaprana mahaprana | awak manah | |
2 | Na | denta mahaprana murda | untu manah sirah | |
3 | Ca | kalpaprana mahaprana pasang yogyapara | awak manah panuju | |
4 | Ra | kalpaprana | awak | |
5 | Ka | kalpaprana mahaprana | awak manah | |
6 | Da | kalpaprana dwita | awak sungsum (sungsun) | |
7 | Ta | kalpaprana pasang yogyapara maha prana murda | awak panuju manah sirah | |
8 | Sa | denta murda talawya mahaprana pasutti | cethek sirah srengenge manah suci | |
9 | Wa | kalpaprana mahaprana | awak awak | |
10 | La | mahaprana mahaprana | manah manah | |
11 | Pa | kalpaprana pasang yogyapara palya mahaprana | awak panuju awak manah | |
12 | Dha | kalpaprana mahaprana | awak manah | |
13 | Ja | kalpaprana mahaprana | awak manah | |
14 | Ya | kalpaprana | awak | |
15 | Nya | kalpaprana yogyapara | awak panuju | |
16 | Ma | kalpaprana | awak | |
17 | Ga | kalpaprana mahaprana | awak manah | |
18 | Ba | kalpaprana mahaprana | awak (hita = wiwitan) manah (wilutan) | |
19 | Tha | kalpaprana mahaprana | awak manah | |
20 | Nga | kalpaprana | awak |
Wondena sadaya wau sami tinembungan kara, ngkang “awak asara” dereng sinandhangan kados ing ngandhap punika.
Demikian yang dapat kami sampaikan mengenai Paramasastra Bahasa Jawa, semoga bermanfaat. Selalu kunjungi kawruhbasa.com atau ikuti kami di Google News untuk mendapatkan update terbaru.