Contoh Teks Pranatacara Upacara Temu Pengantin Jawa dari awal sampai akhir

- Author

Sabtu, 1 Juli 2023 - 00:41 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Sebelum membaca lebih lanjut ada baiknya pelajari terlebih dahulu posting kami yang membahas secara mendalam apa itu pranatacara, atau panatacara, atau pambyawara, atau pambiawara. Setelah paham, mati kita pelajari bersama-sama contoh teks Pranatacara dari Pambuka sampai akhir pada upacara temu pengantin Jawa.

Ketika upacara temu nganten Jawa akan dimulai, seorang pranatacara akan membacakan pembukaan atau dalam bahasa Jawa disebut pambuka. Isi dari pembukaan ini, pambyawara akan membacakan urutan acara pada upacara adat pengantin tersebut mulai dari awal hingga akhir acara.

Dalam pembacaan acara tersebut, seorang panatacara akan membacakan dengan bahasa Jawa krama yang terdengar halus namun tegas dan berwibawa. Nah, bagi anda yang ingin belajar bagaimana cara membacakan teks pambuka, silahkan pelajari contohnya di bawah ini!

Contoh Teks Pambuka Pranatacara

Sebagai pranatacara Bahasa Jawa ketika akan memulai upacara temu pengantin, maka ia akan mulai membuka acara dengan seksama. Pada saat pembukaan ini biasanya di iringi dengan Ladrang Santi Mulyo Pelog 5. Adapun kalimat pembuka pambyawara adalah sebagai berikut:

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinakbekten.

Panjenenganipun para priyagung dharahing nata, para sarjana sujaneng budi, para pengamban pangembating praja, para satriyaning negari, mangka pandam pandoming para kawula dasih, ingkang pantes katuran saguning pakurmatan.

Para alim ulama, ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab wahyuning Illahi, minangka panuntun keblating panembah, ingkang satuhu luhuring budi.

Para baraya wira wiyata ingkang marsudi ing reh kridhaning budaya mring karya.

Para purna karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, miwah para kadang sutresna mudha wredha ingkang pantes sinudarsana, punapa dene para tamu kakung sumawana putri ingkiang dhahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu , miwah ngaturaken sewu agunging aksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, nun inggih mradapa awit saking keparengipun ingkang hamengku gati, kawula piniji hanjejeri minangka pangendhaliwara , saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwahan prasaja ing hari/ratri kalenggahan punika.

Saderengipun kawula ngaturaken menggah reroncening tata adicara, kinarya hamurwani lekas wekasing karti gatining karya, murih purwa, madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambekala, sumangga langkung rumiyin kawula dherekaken manungku puja, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun kepareng paring rahmad lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, sehengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha kaperluan rawuh kempal manunggal wonten sasana pawiwahan/pahargyan mriki, saperlu hanjenengi saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapak/Ibu …… (ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para rawuh kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Minangka purwakaning adicara, tinarbuka sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing ing madyaning sasana rinengga.

Ranggap Risang Duta Pemethuk dupi hamirsani atmaja temanten putri lenggah anggana raras, tumunten bidhal dhumateng paleremanipun putra temanten kakung, saperlu kajengkaraken tumuju dhumateng sasana pawiwahan.

Sasampunipun putra temanten kakung rawuh wonten ing sasana rinengga, tumunten kalajengaken adicara pasrah panampi.

Paripurna adicara pasrah panampi, kalajengaken dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan.

Madyaning suka ing kalenggahan punika mboten kekilapan kadang besan sutresna lekasing sedya ugi ndherek mangayubagya keparengipun ingkang hamengku gati, mila lajeng manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyuk sagunging para kadang santana tumunten kalajengaken upacara sungkeman.

Ing salajengipun panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngaturaken pambagyaharja katur panjenenganipun sagung para tamu.

Paripurna atur pambagyaharja, temanten sarimbit badhe kalengser saking madyaning sasana wiwaha, manjing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran, santun basana kasatriyan.

Sasampunipun temanten sarimbit paripurna hangagem busana kasatriyan, tumunten kasowanaken malih wangsul ngabyantara para tamu.

Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan. menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasana rinengga, tumuju wiwaraning pawiwahan, tandha yekti pawiwahan sampun paripurna.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan prasaja ing hari/ratri kalenggahan punika. Ing salajengipun keparenga para tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kula dherekaken hanyrantos tumapaking adicara, sinambi nglaras rarasing gendhing-gendhing saking Paguyuban Karawitan atau Campursari …….. ingkang dipun pangarsani dening Bapa ………. , Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Keterangan:

Menawi pita swara sinambi nglaras rarasing gangsa Lokananta ingkang sampun cinandhi ing pita swara, ingkang badhe kaaturaken dening kadang panata pita swara.

Contoh teks pranatacara miyosipun Temanten Putri

Wahyaning mangsakala apan wus dungkap titi laksitaning adicara. Rehning kados-kados putra temanten putri anggenipun hanglulur sarira, hangelus wadana miwah hangadi busana sampun paripurna.

Sumangga kita tumapak ing adicara minangka purwakaning pahargyan, nun inggih sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing ing madyaning sasana rinengga.

Wondene ingkang hanganthi sowanipun sri atmaja temanten putri nun inggih panjenenganipun Ibu ……………………… saha Ibu ………………………… Hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji.

Miyosipun putra temanten putri kabiwadha/binarung ungeling Ketawang Puspawarna atau Ketawang Sekarteja laras Slendro pathet Manyura.

Sumangga nuwun.

Perjalanan pengantin putri dari tempat bersolek ke tempat pesta (pahargyan) diiringi Ketawang Puspowarno, sedangkan pranatacara mengucapkan panyandra, adapun kalimatnya bisa anda pelajari pada artikel Contoh Panyandra Pengantin Putri Mijil Bahasa Jawa

Contoh teks pranatacara bidhalipun Duta Pamethuk

Setelah pengantin putri duduk di pelaminan, maka Sang Duta Pamethuk segera menjemput pengantin pria masuk ke tempat pahargyan. Adapun kalimat atau atur yang diucapkan pranata cara adalah sebagai berikut:

Panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, kawistingal sri atmaja temanten putri sampun lenggah anggana raras, tegesipun lenggah piyambakan saperlu nyenyadhang tumuruning Wahyu Jodho.

Tanggap ing sasmita risang duta pamethuk nun inggih Bapa …………… saha bapa ………….., mangka angayahi jejibahan luhur, kepareng badhe medal pasilan tumuju dhumateng paleremanipun putra temanten kakung.

Humiyating risang duta pamethuk binarung ungeling Ladrang Kapang-kapang laras pelog pathet nem.

Sumangga nuwun.

Dalam perjalanan sang duta pamethuk tersebut sang pranatacara mengucapkan panyandra, adapun ucapannya silahkan pelajari Contoh Teks Panyandra Duta Pamethuk Bahasa Jawa

Contoh teks pranatacara rawuhipun Temanten Kakung

Setelah dijemput oleh Sang duta pamethuk, maka pengantin pria segera berangkat menuju sasana pahargyan. Pranatacara segera mengucapkan kalimat yang memberitahukan agar duta pamethuk segera membawa temanten kakung masuk sasana pawiwahan. Dalam perjalanan tersebut pambiawara mengucapkan kalimat sebagai berikut:

Sanggya para rawuh kakung sumawana putri, mangkana lampahing risang duta pamethuk putra temanten kakung, sampun dumugi sasana ingkang tinuju, nulya hanjengkaraken putra temanten kakung.

Jengkaring putra temanten kakung ginarubyuk para kadang wandawa, binarung ungeling Ladrang Wilujeng laras pelog pathet Barang.

Sumangga, nuwun.

Dalam perjalanan pengantin pria ke sasana pahargyan pranatacara mengucapkan kalimat panyandra yang menambuh keagungan sang temanten kakung. Adapun panyandra yang diucapkan silahkan baca Contoh Teks Panyandra Sowanipun Temanten Kakung

Contoh teks pranatacara Atur Pasrah Temanten

Setelah pengantin pria sampai di depan sasana pawiwahan, biasanya berhenti terlebih dahulu, kemudian wakil dari keluarga pengantin menyampaikan atur pasrah temanten, atau dalam bahasa Indonesia menyerahkan pengantin pria kepada pihak keluarga pengantin putri. Adapun ucapan pranatacara pada saat ini adalah sebagai berikut:

Wus samekta ing gati, nun inggih sri atmaja temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara pawiwahan, kepareng badhe hanetepi upacara pasrah.

Cucuking cundaka ingkang dipun sarirani penjenenganipun Bapa ……………………………., miwah pengapiting putra temanten kakung, panjenenganipun Bapa …………………….., saha Bapa ………………………………, kados sampun samekta, kepareng badhe masrahaken risang pinanganten kakung dhumateng ngarsanipun Bapa/Ibu (ingkang mengku gati) ingkang kalenggahan mangke badhe dipun sarirani penjenenganipun Bapa ………………………………

Wondene ingkang kepareng hanjajari penjenenganipun Bapa …………………………, saha Bapa ……………………….. Ing salajengipun dhumateng panjenenganipun para-para ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken, sumangga nuwun.

Setelah pambyawara mempersilahkan waktu dan tempat kepada wakil dari keluarga pengantin pria, maka sang wakil akan segera memulai berbicara atur pasrah temanten. Bagi anda yang ingin tahu bagaimana caranya, silahkan baca Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung dan Panampi Singkat Bahasa Jawa

Contoh teks pranatacara Atur Panampi

Setelah perwakilan pengantin pria menyampaikan atur pasrah, maka acara selanjutnya atur panampi dari perwakilan pihak pengantin putri. Adapun ucapan yang dilontarkan oleh pambyawara adalah sebagai berikut:

Satuhu tata titis, wijang gamblang cetha trewaca, tumata datan tumpang suh, atur pangandikanipun risang cundaka hamasrahaken putra pinanganten kakung.

Salajengipun Bapa ……………………. (ingkang nampi) minangka talanging basa Bapa/Ibu ……………….. (ingkang mengku gati), kepareng badhe hanampi sang pindha narendra.

Ing wasana, sasana saha suwasana kawula sumanggakaken, sumangga, nuwun.

Setelah pranatacara menyerahkan waktu dan tempat kepada perwakilan pengantin putri, maka sang wakil akan segera berbicara atur panampi sebagai sambutan atur pasrah dari pihak pengantin pria. Adapun teks kalimat yang diucapkan silahkan baca Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung dan Panampi Singkat Bahasa Jawa

Contoh teks pranatacara Upacara Panggih

Setelah acara atur panampi selesai, maka dilanjutkan dengan inti acara yaitu upacara panggih atau yang sering disebut temu nganten. Sebelum upacara temu nganten dilakukan sang pranatacara memberikan arahan dengan ucapan berikut:

Wus paripurna pasrah panampining putra temanten kakung, kanthi wilujeng nirbaya nir wikara. Para rawuh saha lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara panggih, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun sinengker. Wondene para paraga ingkang piniji jun inggih:

Ingkang mratitisaken penggihing putra temanten panjenenganipun Ibu …………………………

Ingkang hanganthi temanten kakung Bapa ……………., dalasan Bapa …………………..

Ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ……………………………….., saha Ibu ……………………..

Dhumateng sanggya para tamu, keparenga jumeneng sawetawis, seperlu paring puji pangestu dhumateng panggihing temanten, awit saking panjurung pangestu panjenengan sami, mugi upacara panggih kalis ing rubeda nir ing sambekala.

Rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji. Panggihing penganten kabiwadha ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Laras Maya, laras Pelog pathet barang. Sumangga, nuwun.

Contoh teks pranatacara Upacara Krobongan

Setelah upacara panggih atau temu nganten, maka acara dilanjutkan upacara krobongan. Pada saat acara ini pambyawara memberikan ucapan mempersilahkan orang yang telah ditunjuk untuk melaksanakan upacara tersebut.

Tinon wus paripurna panggih, satuhu trep pindha curiga panggih kaliyan warangka. Bebasan getih rong tetes, daging rong tempel, balung rong ceklek, samangke wus manunggal dadya sajuga.

Sang jejaka miwah sang kenya, mangkya wus manunggal ing karep, nunggal sedya, nunggal tekad, nunggal ati, nunggal raga, nunggal jiwa.

Paraning sedya ninggal alam jejaka miwah kenya, saperlu sesarengan lelayaran ing samodraning gesang, angayahi darmaning kodrat.

Jejering geasang kedah jejodhohan minangka sarana nangkaraken wiji kinarya lestarining tumuwuh.

Para rawuh saha para lenggah, ngancik adicara salajengipun, nun inggih Upacara Adat Krobongan, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampung lumampah.

Upacara krobongan punika antawisipun: Timbangan, Kacar-kucur, Dulangan saha ngunjuk Rujak Degan.

Wondene ingkang badhe mratitisaken lampahing Upacara Krobongan nun inggih panjenenganipun Ibu ………………………………

Dhumateng ingkang tinanggenah, wekdal saha papan kawula sumanggakaken. Lampahing Upacara Krobongan badhe kabiwadha ungeling Ladrang Sri Widodo laras pelog pathet barang.

Contoh teks pranatacara Rawuhipun Besan

Dalam sebuah upacara temu nganten adat Jawa Tengah khususnya Surakarta, umumnya besan atau orang tua pengantin pria akan datang ke sasana pawiwahan untuk ikut memberikan doa dan restu. Besan biasanya membawa saudara atau bahkan tetangga dekat yang terkadang jumlahnya bisa ratusan.

Pada saat kedatangan besan ini pambyawara akan memberikan atur/kalimat yang intinya mempersilahkan masuk ke sasana wiwaha. Adapun atur sang pambiawara sebagai berikut:

Para kakung sumawana putri, madyaning suka ing kalenggahan punika mboten kekilapan kadang besan sutresna nun inggih yayah rena putra penganten kakung, lekasing sedya ugi ndherek mangayubagya keparengipun Bapa/Ibu ……………………. (ingkang mengku gati), ingkang hamiwaha putra mahargya siwi, manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyuk sagunging para kadang santana.

Rawuhipun gya pinapag saha ingacaran penjenenganipun Bapak/Ibu ……………….., lajeng kalarapaken saha katampi panjenengan Bapa/Ibu ……………….. (ingkang mengku gati).

Menggah rawuhipun kadang besan binarung ungeling Ladrang Tirta Kencana laras pelog pathet nem atau Lancaran Kebo Giro.laras pelog pathet barang.

Contoh teks pranatacara Upacara Sungkeman

Setelah kadang besan datang dan dipersilahkan duduk, maka acara dilanjutkan upacara sungkeman. Pada saat ini sang panatacara mengucapkan kalimat yang menuntun upacara tersebut. Adapun kalimat yang diucapkan pambyawara sebagai berikut:

Para rawuh kakung sumawana putri, kadang besan sutresna panjenenganipun Bapak/Ibu ………………… (besan) sampun lenggah aben ajeng kaliyan panjenenganipun Bapak/Ibu ………………………, (ingkang mengku gati), wonten sasana ingkan sampun sumadya, keparenging sedya badhe hanampi sungkeming putra temanten sarimbit.

Wondene murih mboten tumpang suh nggennya ngaras pada, lampahing adicara sungkeman badhe kapratitisaken dening panjenenganipun Ibu ………………………

Ingkang piniji nglolos dhuwung putra penganten kakung panjenenganipun Bapa ………………………….., dhumateng para-para ingkang piniji rahayuning sedya kasumanggakaken.

Tumapaking adicara sungkeman binarung ungeling Ladrang Mugi Rahayu laras slendro pathet manyura utawi Sekar Pangkur Paripurna laras pelog pathet nem.

Adapun syair sekar Pangkur Paripurna laras Pelog pathet nem untuk mengiringi upacara sungkeman adalah sebagai berikut:

Bait 1

Gya hanjengku ngaras pada

marang ramalan ibu hangabekti

wadana nira tumungkul

ingarasan rekmanya

mijil waspa tan kawawa jroning kalbu

gegaraning pala krama

tresna asih trusing ati

Bait 2

Piwelingku marang sira

haywa lali sembah bekti mring Gusti

meminta pituduh luhur

ambangun bale wisma

mugi tansyah ayem tentrem atut runtut

bagya mulya kang sinedya

rahayu ingkang pinanggih

Contoh teks pranatacara selingan beksan

Setelah upacara sungkeman selesai, jika ada hiburan biasanya diserahkan kepada kru penghibur seperti karawitan atau campursari. Namun kali ini Kawruh Basa menyertakan tari-tarian. Adapun kalimat yang diucapkan oleh panatacara adalah sebagai berikut:

Para rawuh saha para lenggah, kinarya hamiyak sepining swasana miwah hanglelipur tyas, badhe kaaturaken pasugatan lelangen beksan ………. (umpaminipun Beksan Gambyong Pareanom), ingkang badhe kaaturaken dening Rara …………., Rara …………………., Rara …………….., dalah Rara ……………………

Katur dhumateng para lebda ing budaya ingkang tinanggenah ngayahi gati, wekdal saha papan kasumanggakaken, sumangga nuwun.

Contoh teks pranatacara Adicara Pambagyaharja

Setelah acara beksan atau hiburan, acara selanjutnya adalah atur pambagyaharja. Pambagyaharja merupakan pidato bahasa Jawa yang menjelaskan upacara yang diadakan saat itu. Dalam acara ini panatacara mempersilahkan wakil dari keluarga pangantin putri. Adapun yang diucapkan oleh pambyawara adalah sebagai berikut:

Satuhu edi endah babaring budaya ingkang winahya ing salebeting Beksan Gambyong Pareanom.

Para rawuh saha para lenggah, panjenenganipun Bapa ……………. (ingkang mengku gati) badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngaturaken pambagyaharja, miwah wudharing gantha, lekas wekasing sedya wigatosing gati.

Inggih kabekta saking raos bombong, miwah mongkoking manah, karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun kepareng hanjenengi, saengga mboten kwawi matur piyambak, jrih menawi mboten saged kawiyos ing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, mila lajeng hanyaraya dhumateng panjenenganipun Bapa ………………

Menggah jumenengipun badhe kaapit lampah/jinajaran dening Bapa ……………….., saha Bapa ……………….

Dene temanten sarimbit katuran jumeneng wonten sangajenging dhampar rinengga, kaapit dening ingkang hamengku gati. Ing salajengipun dhumateng para-para ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken, sumangga, nuwun.

Setelah itu perwakilan keluarga pengantin putri berpidato pambagyaharjo. Bagi yang ingin belajar silahkan baca Contoh teks atur Pambagyo Harjo Temanten singkat Bahasa Jawa

Contoh teks pranatacara setelah Pambagyaharja

Setelah acara pambagyaharjo, pambyawara melanjutkan acara. Adapun kalimat bahasa Jawa yang diucapkan sebagai berikut:

Satuhu tatas titis, terang gamblang, wijang wijiling pangandika, kaduk ruruh hangarah prana panjenenganipun Bapa …………………., anggenipun ngaturaken pambagyaharja miwah wosing gati sampun paripurna.

Ing salajengipun keparenga ngambali atur, mugi panjenenganipun para tamu kawusun lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.

Contoh teks pranatacara Kirab Kanarendran

contoh kirab kanarendran

Setelah pambagyaharjo, pranatacara melanjutkan acara yaitu Kirab Kanarendran. Kanarendran berasal dari kata “Narendra” yang artinya raja. Jadi kirab ini pengantin berganti pakaian untuk kemudian berdandan ala raja dan permaisuri diarak menuju sasana pahargyan. Adapun kalimat pambiawara yang diucapkan sebagai berikut:

Para lenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, keparenging sedya temanten sarimbit badhe jengkar saking sasana rinengga, arsa kinirapaken wonten ngarsaning para tamu, tumunten manjing sasana busana saperlu santun busana kanarendran.

Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani.

Kados-kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten sarimbit menggah kaleksananing sedya kawula sumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji.

Jengkaring Sang Suba Manggala lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri (Gendhing Ayak-ayakan, laras pelog pathet barang), utawi binarung rerepen sekar Pangkur Gedhong Kuning, laras pelog pathet barang.

Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langengita Sri Narendra laras pelog pathet barang.

Contoh cakepan Sekar Pangkur Gedhong Kuning pelog barang

Singgah-singgah kala singgah

pan suminggah durga kala sumingkir

singa hama singa wulu

lan suku sing asirah

singa tenggak miwah kala singa buntut

padha sira suminggaha

muliha ing asal neki

Keterangan:

Satelasipun rerepen Pangkur Gedhing Kuning, kalajengaken Ayak-ayakan pelog pathet Barang.

Contoh teks pranatacara setelah Kirab Kanarendran

Setelah kirab kanarendran selesai, pranatacara kembali memegang kendali acara dengan menjembatani situasi luang menuju acara berikutnya. Adapun teks yang diucapkan sebagai berikut:

Panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami, kirabing putra temanten ingkang winastan kirab kanarendran sampun paripurna.

Ingkang punika kinarya hangrantu laksitaning tata adicara salajengipun kasuwun panjenenganipun para tamu lelenggahan kanthi mirunggan, sinambi nglaras rarasing gendhing-gendhing ingkang badhe kaaturaken dening Paguyuban Karawitan/Campursari ……………, ingkah dipun sesepuhi dening panjenenganipun Bapa …………………

Dhumateng para wirapradangga keparenga ngaturaken gendhing-gendhing ingkang jumbuh kaliyan swasana pahargyan ing siyang/dalu punika. Sumangga, nuwun.

Contoh teks panatacara Kirab Kasatriyan

Setelah acara hiburan berhenti, maka panatacara akan segera melanjutkan acara berikutnya, yaitu Kirab Kasatriyan. Kasatriyan berasal dari kata “Satriya/Satria“. Dengan demikian nantinya pengantin pria dan wanita akan didandani gaya kesatria. Adapun kalimat yang diucapkan pambiawara menjelang kirab kasatriyan adalah sebagai berikut:

Para rawuh saha para lenggah ingkang winantu sagunging oakurmatan, kados-kados putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna, keparenging sedya badhe humarak sowan malih ngabyantara para tamu, saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan.

Kirabing putra temanten ngrasuk busana kasatriyan kabiwadha ungeling Ketawang Subakastawa, laras slendro pathet sanga, sumangga nuwun.

Setelah pambyawara berucap demikian maka sepasang pengantin berjalan menuju sasana pawiwahan dengan dikawal sang Suba Manggala. Perjalanan pengantin dari tempat berdandan menuju tempat upacara akan dicandra oleh pranatacara. Adapun kalimat yang diucapkan oleh pambyawara dapat anda baca di artikel Contoh Teks Panyandra Kirab Kasatriyan Pengantin Jawa

Contoh teks panatacara setelah Kirab Kasatriyan

Setelah kirab kasatriyan selesai, pranatacara kembali memegang kendali jalannya acara. Adapun kalimat yang diucapkan sebagai berikut:

Para tamu kakung sumawana putri, kirabing putra temanten ingkang winastan kirab kasatriyan sampun paripurna. Ingkang punika mugi wontena suka lilaning penggalih panjenenganipun para tamu lelenggahan kanthi mirunggan, sinambi mirsani atur panglipur arupi pasugatan lelangen beksan …………. (umpaminipun Beksan Karonsih) ingkang badhe katindakaken dening sedherek ………………, saha ………………..

Dhumateng para lebda ing budaya ingkang tinanggenah hangayahi gati, wekdal saha papan kasumanggakaken, sumangga, nuwun.

Contoh teks panatacara setelah Tari Karonsih

Setelah tari Karonsih selesai, kembali pranatacara memegang kendali acara selanjutnya. Maka kalimat yang diucapkan sebagai berikut:

Satuhu edi endah babaring budaya ingkang winahya ing salebeting Beksan Karonsih, mugi-mugi handayani dhumateng temanten sarimbit.

Rinten dalu, enjing sonten, amung tansah runtung-runtung, bebasan keket raket renggang gula kinepyur pulut. Runtung-runtung rerentengan pindha mimi lan mintuna.

Contoh teks panatacara pembacaan doa

Dalam acara temu nganten setelah tari karonsih biasanya langsung menuju acara mirunggan atau kosong yang biasanya diisi dengan hiburan. Namun terkadang ada juga acara doa. Adapun pranatacara akan mengucapkan kalimat berikut:

Para rawuh saha para lenggah, ngancik adicara salajengipun nun inggih waosan donga dening tetuwangga ingkang piniji. Atur donga konjuk dhumateng Gusti, mugi-mugi panjenenganipun bapa/ibu ……………………… (ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi darmaning sepuh, hamiwaha putra mahargya siwi, tansah winantu ing suka basuki.

Semanten ugi temanten sarimbit anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan agung tansah atut runtut, ayem tentrem, bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu.

Wondene ingkang piniji kepareng badhe ngaturaken donga panjenenganipun Bapa ………………… Ingkang punika, sasana saha swasana kawula sumanggakaken, sumangga, nuwun.

Contoh teks panatacara setelah pembacaan doa

Setelah pembacaan doa selesai, pranatacara kembali melanjutkan acara dengan ucapan kalimat sebagai berikut:

Sanadyan wus paripurna waosan/atur donga dening tetuwangga ingkang piniji, parandene maksih kapireng suwantenipun lamat-lamat dumeling ing akasa, sumusup hima himantaka, saya ndedel nggayuh wiyati, satemah maweh prabawa hanelahi.

Mratandhani katarima pamintane mring Gusti, mbabar Wahyu kanugrahan suci, tumanduk panjenenganipun ingkang hamengku gati, ingkang katemben hamiwaha putra mahargya siwi, mugi tetep winengku ing suka basuki, lestari salami-lami, tur kathah rejeki, lumintu dhumateng para rawuh kakung putri.

Sanadyan namung reroncening purwakanthi, mugi antuk berkahing Gusti, numusi dhumateng panjenengan lan kula sami, ingkang hanjenengi pahargyan ing siyang/dalu puniki.

Contoh teks panatacara suasana Mirunggan

Mirunggan merupakan sebuah waktu antara acara yang telah dilaksanakan menuju acara berikutnya. Terkadang sang pranatacara menggunakannya untuk mengucapkan kalimat-kalimat tertentu yang isinya hal-hal tertentu, terkadang agak lucu. Adapun contoh yang diucapkan pambyawara sebagai berikut:

Panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.

Pahargyan ing siyang/dalu punika dereng paripurna. Keparenga kawula aturaken ing mriki, mbok bilih pratandha yekri paripurnaning pahargyan ing siyang/dalu kalenggahan punika menawi putra temanten sarimbit sampun kabedhol saking kursi pinajang tumuju wiwaraning wisma pawiwahan.

Ingkang punika kasuwun nyebar godhong kawis, keparenga sabar sawetawis.

Para rawuh saha para lenggah, kinarya hangrantu laksitaning tata adicara salajengipun, ngiras pantes kangge miyak sepining swasana keparenga kawula badhe ngaturaken dedongengan sawetawis.

Sanadyan punika namung arupi dedongengan nanging saged numusi dhateng kasunyatan. Wondene dedongenganipun mekaten.

Mastuti ila-ila ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, wonten pawiwahan sambut silaning akrami (pahargyan temanten), menawi wonten sadhengah utawi salah satunggaling para tamu ingkang handhingini kondur langkung rumiyin sak derengipun paripurnaning pahargyan.

Sepisan: dereng tangkep asta utawi salaman kaliyan temanten sarimbit.

Kaping kalih: dereng tangkep asta kaliyan ingkang hamengku gati.

Kaping tiga: dereng ngunjuk tirta seta pangasreping rasa utawi pasugatan es, badhe tampi welaking jagad inggih punika salebeting kawan dasa dinten kawan dasa dalu, badhe seret rejekinipun.

Mangga pitados lan mbotenipun kawula sumanggakaken.

Menawi pitados keparenga lelenggahan sawetawis ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan. Nuwun, matur nuwun.

Contoh teks pranatacara akhir acara

Setelah acara mirunggan selesai, maka sang pambyawara akan kembali mengucapkan kalimat yang memberikan rambu-rambu bahwa acara akan segera selesai. Adapun kalimat yang diucapkan pambiawara adalah sebagai berikut:

Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara, purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa kanthi wilujeng kalis ing dubeda nir ing sambekala.

Minangka pratanda paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun Bapa/Ibu …………………., keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit, tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu.

Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing siyang/dalu punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya-jawa wijayanti, mugi rahayu ingkang samya ginayuh.

Jengkaripun putra temanten sarimbit yayah gegleyongan/reruntungan lampahe (binarung Ladrang Gleyong atau Ladrang Runtung laras pelog pathet nem.

Contoh teks pranatacara Penutup

Sampai pada acara ini pranatacara telah selesai melaksanakan tugasnya, maka dia mengucapkan rasa terima kasih sekaligus permintaan maaf jika ada kekurangan maupun kesalahan. Maka untuk menutup acara sang pranatacara mengucapkan kalimat sebagai berikut:

Sampun paripurna pahargyan prasaja ing siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara sepindhah malih panjenenganipun Bapa/Ibu …………………………., ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah karawuhan panjenengan sami wonten kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Semanten ugi kula minangka pangendhaliwara hambok bilih wonten gonyak-ganyuking atur wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing paramasastra, miwah kiranging suba sita ingkang singlar saking reh tata krama, jenang sela wader pari sesondheran, apuranta menawi lepat atur kawula.

Sepindhah malih tahu kecap Purwasari, menawi wonten keladuking atur patrap lan pangucap nyuwun pangaksami.

Maturnuwun, mboten langkung kawula handherekaken sugeng kondur, mugi wilujeng dumugi ing ndalem.

Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Demikian yang dapat kami sampaikan mengenai “Contoh Teks Pranatacara Upacara Temu Pengantin Jawa dari awal sampai akhir“, semoga menuai manfaat bagi anda yang ingin belajar menjadi pambyawara.

Berita Terkait

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia
Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari
Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata
Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa
Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi
Mengenal Perbedaan dan Penggunaan Ngoko Alus dan Ngoko Lugu dalam Bahasa Jawa
Minta maaf dalam bahasa Jawa
Dhapukane (susunan) tembung Jawa

Berita Terkait

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:44 WIB

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:38 WIB

Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata

Sabtu, 20 Juli 2024 - 15:11 WIB

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Minggu, 14 Juli 2024 - 11:34 WIB

Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:44 WIB

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Sabtu, 20 Jul 2024 - 15:11 WIB