Contoh Teks Panyandra Kirab Kasatriyan Pengantin Jawa

- Author

Minggu, 14 Mei 2023 - 11:52 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Kawruh Basa – Kirab Kasatriyan Pengantin Jawa merupakan salah satu acara kirab temu nganten yang biasanya terletak diakhir acara setelah Kirab Kanarendran. Kasatriyan berasal dari kata dasar “satriya” yang berarti satria atau kesatriya. Jadi pada acara ini pengantin Kakung (pria) diibaratkan seorang ksatriya yang gagah berani dengan mengenakan pakaian seorang satria yang didampingi sang istri tercinta. Pada acara kirab pengantin ini sang pengantin laki-laki mengenakan pakaian bawah saja tanpa baju.

Kirab Kasatriyan Pengantin Jawa biasanya merupakan kirab terakhir pada acara temu nganten, setelah itu tamu dari keluarga pengantin pria dipersilahkan pulang. Atau jika ada tamu undangan juga dipersilahkan undur diri dari tempat upacara pengantin.

Contoh teks panyandra kirab kasatriyan

Bagi anda yang ingin belajar bagaimana sebagai pranatacara melakukan panyandra kirab Kasatriyan Pengantin Jawa, berikut contoh yang bisa anda gunakan.

Lir madu gendhis respati hangranuhi mamardi basa tama hangrengga-rengganing hargya, yayah lelangen kusuma ing Banjaransari Sang Lir Madubrangta ngrasuk busana kasatriyan sarwa kembar warna, sirna kamanungsane pindha pangejawantahe Sang Hyang Asmara oneng sarining arum puspita.

Sewu nugraha wus kapatedhan mring temanten kekalih, pratandha wus nyarira wahyuning jodho, katingal saking senening wadana kang hanuksmeng sasi.

Tindakira kadherekaken Sang Manggala Suba kang wus piniji. Sanadyan ta maksih mudha, nanging wus katingal mrabawa, ngagem busana sarwa prasaja, sembada ing ndriya tan mingkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karya. Dhasar lebda ing budaya, mumpuni ing kawruh putus ing ngelmu, bebasan agal alit wus karempit salebeting sanubari, mila pantes kinarya dadya panuntuning lampah.

Sawurinira ana satriya sajodho kembar warna kembar busana, lah punika ta warnanira Pratiwa Manggala Suba ya Sang Manggalayuda. Dene tembene kang wuninga yekti hanyengguh yen Raden Layang Seta lan Layang Kumitir, nanging sayektine dede, beda bapa seje ibu, mung tunggal pekareman. Lumampah menggak krama, tumapaking pada anut ing wirama sahengga ajar beksa, kawistara nggenira kekuk.

Katingal semu gegojegan jroning lumampah, parandene malah karya astining pahargyan lah punika warnanira patah sakembaran. Sareng santun busana malah katingal saya sulistya. Sanadyan bebasan durung medhot lamun nggeget suruh, durung tedhas doyan nginang, parandene wus bangkit amamet prana akarya sengseming wardaya.

Sinigeg gantya kang cinarita, lah punika ta warnanira sekaring pahargyan ing siyang kalawan dalu punika, nenggih risang pinangantyan kekalih. Temanten kakung sembada wiratama, dhasar bagus ing warna. Temanten putri ugi endah sulistyeng warni. Lumampah kekanthen asta, sanjata hanyanjata liring netra, mesem-mesem lega hangujiwat leledha, hanggung reremetan asta, nggraita lamun datan ana kang wuninga. Ing raos muluk hangambara, nikmat mupangat tanpa pama, kadi wus manggih raosing rasa rinuruh, supe purwa wasana, hangraos menawi jagad punika gadhahanipun priyangga.

Tan kantun sang juru paes dalah lbu pangembaning putra temanten sekaliyan. Kekalihira tansah ngetut wuntat ngawat-awati tindakira sang pinangantyan kekalih, sinartan puji donga, mugi putra temanten sarimbit ing tembe dadya satriya panuntuning bangsa tama, kang bisa memayu hayuning Jagad Raya.

Nalika samana tindakira putra temanten sekaliyan, ginarubyug para putri ingkang pindha Dhomas. Lampahe ngemu wiraga, eseme dinawa-dawa, lelewane sajak leleda, pamrihe sang juru gambar pijere mara.

Ana kang ayu, wonten kang manis, kathah kang luwes, kathah kang ugi merak ati. Kang cetha sadaya taksih kenya remaja ndungkap dewasa. Sanadyan kembar busanane nanging maneka warna wiragane.

Ana saweneh kenya ingkang katingal sakedhap-kedhap sukune mung tansah diangkat, kapiyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning Gusti Ingkang Akarya Jagad. Adhuh tobat-tobat, tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat, gek mbesuk kapan aku diwengku wong pangkat, sing rawuh hanjenengi ora mekakat, suguhane werna papat.

Ana saweneh kenya ingkang hangujiwat eseme, gandhes luwes sak solahe, yen ngguyu dhekik pipine, ngembang bakung remane, ngolan-olan janggane, mblarak sempal lembehane.

Kapiyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerake kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene akehe, bregas kabeh paraga among tamune, trengginas trampil kabeh panityane, panatacarane kancane ngantene dhewe.

Wondene ingkang minangka pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang Hamengku karya sarimbit garwa. Jroning cipta tansah meminta mring Gusti, mugi putra temanten anggenira badhe lelumban ing alam bebrayan, tansah manggih agya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tiruju.

Lulus raharja kalis pringgabayaning marga, samangke risang pinangantyan wus lenggah ing dhampar rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicara.

Demikian “Teks Panyandra Kirab Kasatriyan Pengantin Jawa” semoga bermanfaat bagi anda yang sedang belajar menjadi pranatacara atau pambiawara dalam upacara temu nganten.

Berita Terkait

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia
Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari
Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata
Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa
Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi
Mengenal Perbedaan dan Penggunaan Ngoko Alus dan Ngoko Lugu dalam Bahasa Jawa
Minta maaf dalam bahasa Jawa
Dhapukane (susunan) tembung Jawa

Berita Terkait

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:44 WIB

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:38 WIB

Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata

Sabtu, 20 Juli 2024 - 15:11 WIB

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Minggu, 14 Juli 2024 - 11:34 WIB

Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:44 WIB

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Sabtu, 20 Jul 2024 - 15:11 WIB