Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

- Author

Sabtu, 20 Juli 2024 - 15:11 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

kawruhbasa.com – Dalam rentetan upacara pengantin adat Jawa, khususnya wilayah admin Solo, Jawa Tengah terdapat sebuah acara yang disebut nebus kembar mayang. Masyarakat Jawa menyebutnya ‘Upacara ngupadi tumuruning wahyu jodho’, artinya upacara mencari turunnya wahyu jodoh.

Acara ini biasanya dilaksanakan malam sebelum hari H ijab qobul pengantin, dengan disaksikan oleh para tetangga dekat.

Upacara nebus kembar mayang merupakan adegan percakapan antara tiga orang, yaitu antara yang punya gawe (Hamengku gati) dan Saraya Jati, dan Wasesa jati. Dialog tersebut menggunakan bahasa Jawa, berada di area yang punya gawe dengan menghadap kembar manyang yang telah ditata.

Adegan ini biasanya dilakukan orang yang sudah agak tua, karena saat ini jarang anak muda yang belajar untuk nguri-uri budaya tersebut. Adegan tersebut mirip dengan sandiwara.

Contoh Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Nah, bagi anda yang mungkin ingin belajar bagaimana cara dialog mayang, berikut kami lampirkan contohnya. Bisa dihafalkan atau hanya sebagai rambu-rambu dari inti dialog yang akan dilakukan. Adegan upacara adat ini terdiri dari 3 bagian teks hingga akhirnya selesai.

Adegan I

Ingkang Hamengku gati hanimbali Sang Saraya Jati, lajeng sami pangandikan, binarung Ktw. Sekar Teja Laras Slendro Manyura.

Saraya Jati :

Nuwun mangke ta Bapa …………….. (ingkang mengku gati) handadosaken kagyating manah kula sareng tampi dhawuh timbalan panjenengan anggenipun sakalangkung wanter. Wonten paridamel punapa dene hamiji sowan kula, sumangga keparenga paring pangandika dhumateng kawula.

Hamengku gati :

Adhimas Saraya Jati, ing dalu kalenggahan punika kula katangisan anak kula estri pun Rara …………………….. ingkang ing benjing-enjing siyang/dalu badhe nambut silaning akrami, mugi antuka tumuruning Wahyu Jodho.

Ingkang punika, keparenga kawula hangresaya dhumateng panjenengan, mugi kersoa angupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang awujud Sekar Mancawarna ugi sinebat Kembar Mayang, kinarya jangkeping panggihing calon pinangantyan kekalih. Dene menawi sampun pikantuk mugi lajeng kersoa hamboyong kaasta tumuju ing wisma pawiwahan.

Saraya Jati :

Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh. Lajeng wonten ing pundi papan dunungipun Sekar Mancawarna utawi Kembar Mayang punika?

Hamengku Gati :

Miturut wasita ingkang kula tampi, papan dunungipun Sekar Mancawarna punika wonten ing padhepokan Sidodadi, kabawah wewengkon Kabupaten Sidomulya.

Saraya Jati :

Nuwun inggih, rehning sampun cetha lan trawaca dhawuh timbalan panjenengan, keparenga kawula nyuwun pamit madal pasilan bidhal dinten punika daya-daya lebda ing karya.

Hamengku Gati :

nDherekaken raharjaning lampah, mugi rahayu boten wonten pringga bayaning marga.

Keterangan : Bidhalipun Sang Saraya Jati saking pawiwahan, binarung ungeling Ketawang Tumadhah, laras pelog pathet nem.

Baca juga; Contoh Teks Panyandra Kirab Kasatriyan Pengantin Jawa

Adegan 2

Ing padepokan Sidodadi, Ki Jati Wasesa anengga Kembar Mayang, Sinambi maos Sekar Macapat Dhandhanggula.

Pupuh 1

Titi tidhem sabawaning ratri,
wigatine ri dalu samangkya,
midadareni jatine,
krenteging tyas nyenyuwun,
meminta sih rahmating Gusti,
Wahyuning palakrama,
mugiya tumurun,
ndayani kang mengku karsa,
hamiwaha putra putri kang kinasih,
rahayu nir rubeda.

Pupuh 2

Duk ing nguni sapta Widadari,
gya tumurun saking Marcukundha,
ngasta puspita rinonce,
mring satriya kang luhur,
kang wus labuh labet mring Gusti,
ginanjar Wahyu Tama,
Sekar Dewa nDaru,
kang sinebut Kembar Mayang,
iku dadya sarana sarat wigati,
tumrap kang mantu putra.

Pupuh 3

Pamintane pinisepuh sami,
mugi temanten sahabi praya,
manunggal sih sutresnane,
nyang bangkit asesunu,
ngupa boga jangkeping wajib
atur sungkem Pangeran,
Panembah satuhu,
tanapi yayah lan rena,
wekasane rahayu ingkang pinanggih,
winantu bagya mutya.

Sasampunipun suwuk katungka dhatengipun Sang Saraya Jati, lajeng sami pangandikan.

Saraya Jati :

Kawula nuwun Kyai, keparenga kula badhe sowan.

Jati Wasesa :

Mangga ……… mangga kisanak, lajeng pinarak mlebet kemawon, mangga ta keparenga pinarak ing palenggahan ingkang sampun sumadya.

Saraya Jati :

Matur nuwun sanget Kyai, sak derengipun nyuwun pangapunten, dene sowan kula sakadang boten atur cecala langkung rumiyin.

Wasesa Jati :

Boten dados punapa kisanak, semanten ugi kula inggih nyuwun pangapunten, mbok menawi anggen kula nampi karawuhan panjenengan sakadang kirang subasita, jalaran inggih namung kados mekaten kawontenanipun.

Nuwun mangke ta kisanak, keparenga kuta hanila-krami, wingking saking pundi saha sinten asma panjenengan keraya-raya rawuh ing padhepokan ngriki kisanak.

Saraya Jati :

Nuwun inggih Kyai, keparenga kula badhe nepangaken, kula sakadang wingking saking ……………….. (nyebataken panggenanipun ingkang mengku gati), nami kula pun Saraya Jati.

Dene wigatosipun sowan kula sakadang punika pinangka dados duta saraya saking panjenenganipun Bapa/Ibu ……….. (ingkang mengku gati), saperiu hangupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang sampun cinandhi wonten ing Kembar Mayang, pinangka kangge sarat sarana anggenipun badhe kagungan kersa ngemah-emahaken putra putrinipun sarta kangge hanjangkepi ing upacara panggihing sri temanten. Punapa pancen ing ngriki dunungipun Kembar Mayang kala wau Kyai.

Jati Wasesa :

Nuwun inggih, saderengipun kula pratela dhumateng panjenengan langkung rumiyin kula ugi nepangaken, bilih ingkang kasdu hamestani kula pun Ki Jati Wasesa. Dene padhepokan kula mriki winastan Sidodadi.

Pancen leres, inggih ing padhepokan Sidodadi ngriki punika cumandhokipun Sekar Mancawarna ingkang sinebat Kembar Mayang. Namung naminipun langkung jangkep inggih punika Kembar Mayang, Kayu Klepu Dewandaru, Cengkir Gadhing Kendhitpitu, punapadene Sadak Lawe.

Saraya Jati :

Manggih kaleresan Kyai, inggih punika ingkang dipun kersakaken dening panjenenganipun Bapa ……….. (ingkang mengku gati). Ingkang punika mugi wontena keparenging penggalih tumunten Kembar Mayang kaparingna dhumateng kula.

Dene menawi mawi pengaji pinten kerta ajinipun, menawi mawi leliru punapa lelirunipun, waton kula saged hamboyong Kembar Mayang punika. Kyai.

Jati Wasesa :

Miturut wawangsoning jagad, boten saged dipun tumbas kanthi punapa kemawon, namung sok Sintena ingkang saged anegesi naminipun Kembar Mayang kanthi jangkep saha trep, inggih punika ingkang saged hamboyong wujudipun Kembar Mayang punika.

Saraya Jati :

We Iha dalah, Iha kok abot sangganipun Kyai, gandheng kula sampun sumanggem dados duta ngrampungi, sanadyan kados pundi kemawon badhe kula leksanani. Nyuwun pangestu Kyai.

Kembar Mayang, Kayu Klepu Dewandaru, Cengkir Gadhing Kendhitpitu, Sadak Lawe. Kembar Mayang, tembung Kembar punika tegesipun padha. Tembung Mayang punika tegesipun Nur utawi Cahya, wonten ingkang mestani Kembang Jambe.

Kembar Mayang punika mujudaken blegering kakung lan putri. Kakung lan putri punika satemenipun sami, dene ingkang benten wadhahipun. Dene Nur utawi Cahya kalawau lenggahipun wonten ing rasa jati, ingkang dipun westani urip utawi gesangipun.

Tiyang jejodhohan punika menawi kepingin langgeng, kekalihipun kedah saged manunggalaken rasanipun. Inggih manunggaling rasa jati punika ingkang saged hambabar katentreman sarta saged hanggelar pakarti luhur. Inggih punika ingkang winastan garwa utawi sigaraning nyawa winastan kembar rasane.

Kayu Klepu Dewandaru: Kayu-kayun, klepu-klepeng, Dewa titah ingkang luhur. Daru darajating agesang, dados loro-lorone ngatunggal sampun sagolong gayut darajating agesang.

Cengkir Gadhing Kendhitpitu: Cengkir kencenging pikir, gadhing gadhang: kendhit pitu, pangiket ingkang kiat sanget. Dados ringkesipun loro-lorone atunggal samya angiket raos katresnan.

Sadak Lawe: Biyen sanak saiki dadi jodhone.

Kyai, gaduk kula namung semanten, dene leres lan lepatipun kawula Sumanggaken.

Jati Wasesa:

Sang Saraya Jati, sarikma pinara sasra, kula boten nyana bilih Panjenengan ingkang saged anegesi kanthi trep lan jangkep, mbok menawi inggih sampun dados kodrating jagad, bilih panjenengan Ingkang kawawa hamboyong Kembar Mayang punika.

Namung kajawi punika wonten sarat sarananipun: Sepisan, pamboyonging Kembar Mayang kaemban jejaka kalih. Kaping kalih, Cengkir gadhing sak pirantosipun kaasta kenya Dhomas. Kaping tiga, lampahing Kembar Mayang kabiwadha gendhing ilir-ilir Sumilir.

Wondene kang wekasan, murih boten alum pradapa Sekar Mancawarna, supados dipun saranani mawi rengeng-rengeng kekidungan boten ketang satunggai kalih pada.

Saraya Jati :

Nuwun inggih Kyai, badhe kula estokaken sadaya sarat sarananipun, wondene rengeng-rengeng kekidungan sanadyan hamung Sapala, sumangga keparenga midhangetaken.

Sekar Pangkur :

Yektine kang winursita,
Kembang Kanthil lambanging ati suci,
suci murni tresnanipun,
tansah manunggal karsa,
Sri temanten nggennya mangun brayatipun,
tulusa widodo mulya,
linambaran tresna jati.

Sekar Kinanthi :

Dhuh Gusti Ywang Maha Agung,
Ban mugi kersa hamberkahi,
mring temanten kekalihnya,
nggennya mangun brayat sami,
bagya mulya kang sinedya,
rahayu ingkang pinanggih.

Kyai, kalih pada punika kewala atur kekidungan kula, minangka jangkeping sarana pamboyonging Sekar Mancawarna. Kiranging sadayanipun, ingkang boten dados renaning penggalih, mugi diagung pangaksamanipun.

Jati Wasesa :

Sang Saraya Jati, saking kaprananing manah kula, wekdal punika ugi Kembar Mayang kula pasrahaken, sumangga tumunten kula aturi hanampi.

Saraya Jati :

Kyai, rehning sampun cekap samudayanipun, keparenga kawula nyuwun pamit madal pasilan, lan nyuwun pangestu, mugi tansah manggiha bagya mulya salampah kula.

Jati Wasesa :

Sang Saraya Jati, sapengker panjenengan kula pranggal puja sesanti jaya-jaya wijayanti, sirna memala pinayungan sihing Gusti, hayu-hayu rahayu ingkang sami pinanggih.

Gendhing ilir-ilir Sumilir, Sang Saraya Jati sakadang hamboyong Kembar Mayang.

Baca juga; Contoh teks Panyandra Kirab Kanarendran Pengantin Jawa

Adegan 3

Ingkang Hamengku Gati hanampi rawuhipun Sang Saraya Jati sakadang angasta Kembar Mayang, lajeng sami pangandikan.

Saraya Jati :

Kepareng matur dhumateng Bapa ……………………. (ingkang mengku gati), inggih awit saking berkah saha pangestu panjenengan, kula sampun kelampahan hamboyong wujudipun Kembar Mayang, ingkang punika sumangga kula aturi nampi, mugi sageda kinarya sarana dhaupipun ingkang putra.

Hamengku Gati :

Adhimas Saraya Jati, kula tampi kanthi bingahing manah, Ian awit saking sih pitulungan panjenengan, kula sakulawarga namung saged hangaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami. Nuwun, matur nuwun.

Panutup: Gendhing Ayak-ayakan, laras slendro pathet manyura, para paraga tangkep asta, lajeng bibaran.

Baca juga; Contoh Panyandra Upacara Panggih Temanten Jawa

Demikian teks Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa, semoga menjadi manfaat bagi yang sedang belajar.

Berita Terkait

Ucapan Ultah Bahasa Jawa: Menyampaikan Doa dan Harapan dengan Kearifan Lokal
Kintun Bahasa Jawa Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Kehidupan Sehari-Hari
Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?
Peli dalam Bahasa Jawa: Makna dan Budaya di Baliknya
Turut Berduka Cita dalam Bahasa Jawa: Ungkapan Duka dengan Nilai Budaya yang Khas
Kamus Bahasa Jawa Online: Jembatan Menuju Kekayaan Budaya Nusantara
Memikat Pendengar dengan Pembukaan Presentasi Bahasa Jawa yang Memorable
Quotes Bahasa Jawa: Warisan Kebijaksanaan Leluhur yang Sarat Makna

Berita Terkait

Sabtu, 7 September 2024 - 13:53 WIB

Ucapan Ultah Bahasa Jawa: Menyampaikan Doa dan Harapan dengan Kearifan Lokal

Sabtu, 7 September 2024 - 13:50 WIB

Kintun Bahasa Jawa Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Kehidupan Sehari-Hari

Sabtu, 7 September 2024 - 13:45 WIB

Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?

Kamis, 5 September 2024 - 09:40 WIB

Peli dalam Bahasa Jawa: Makna dan Budaya di Baliknya

Kamis, 5 September 2024 - 09:32 WIB

Turut Berduka Cita dalam Bahasa Jawa: Ungkapan Duka dengan Nilai Budaya yang Khas

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?

Sabtu, 7 Sep 2024 - 13:45 WIB