Contoh Pidato Wejangan Pengantin Baru Bahasa Jawa “Malima”

- Author

Rabu, 12 April 2023 - 07:41 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Contoh pidato wejangan pengantin baru bahasa Jawa adalah sebuah nasihat atau petunjuk yang disampaikan perwakilan dari orang tua kepada kedua mempelai setelah melaksanakan ijab qobul dan acara temu pengantin dengan menggunakan bahasa Jawa. Pidato ini disaksikan oleh orang tua pengantin putra maupun putri, termasuk semua tamu undangan yang hadir.

Dalam bahasa Jawa wejangan disebut juga ular-ular, sabdatama, petunjuk, nasihat, serta rambu-rambu yang ditujukan kepada pengantin baru tentang bagaimana dan apa saja yang akan mereka hadapi dalam menjalani kehidupan berumah tangga nantinya

Tujuan memberikan nasihat atau petunjuk tersebut adalah agar mereka lebih berhati-hati dalam menjalani hidup berumah tangga. Dengan begitu, diharapkan mereka tidak mudah bertengkar yang nantinya mengakibatkan perceraian.

Pidato ini, biasanya dilakukan olah seseorang yang dianggap mumpuni dalam hidup. Entah itu ustad, kepala desa/dusun, atau orang yang disepuhkan di kampung mereka.

Baca juga Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Sepasaran dan Selapanan Bayi bahasa Jawa

Di bawah ini adalah contoh pidato wejangan atau ular-ular kepada pengantin berbahasa Jawa:

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, kalawau kadang pranatacara nyebataken bilih kula ingkang badhe paring sabdatama utawi ular-ular wulang utami dhumateng temanten sarimbit. Pancenipun dereng darajat menawi kula paring sabdatama, jer tembung Sabda mekaten, boten wonten ingkang pantes hangagem, kajawi namung Pangeran ingkang dados tuking samukawis, mandhapipun dhateng salah satunggaling Raja ingkang nembe siniwaka.

Mbok menawi tembung sabdatama ing mriki, mengku teges wulang utami dhedhasar sadaya Sabda-sabdaning Pangeran, ingkang sampun kawahya ing sadaya serat-serat suci.

Sanadyan kanthi awrating manah, karana ing mriki kathah rawuhipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, saha para wasis babagan wulang utami, parikedah boten saged hambantah, minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati, sawatawis suka wawasan ing babagan prayogining bebrayan, jer nyatanipun sanadyan langkung wasis tuwin pinter anakmas temanten sekaliyan menawi kaliyan kula, nanging tumraping gesang patembayatan bebrayan, saestu langkung rumiyin kula.

Mbok menawi menika ingkang kangge gada supados kula kapeksa suka wawasan tumraping gesang patembayatan bebrayan enggal.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, punapa dene panjenenganipun para tamu ingkang satuhu luhuring budi, keparenga sami paring pangestu dhumateng kula, supados saged dumugining purug anggen kawula hamakili panjenengan sadaya, suka wawasan tumrap theg kliweripun patembayatan bebrayan enggal.

“Anakmas temanten sarimbit”

Gegaran tumrap gesang bebrayan enggal punika salah satunggalipun kedah nindakaken pakarti gangsal prekawis ingkang sinebat Malima. Malima ing mriki saking tembung; mlumah, mengkurep, modot, mlebu lan metu. ;

Mlumah punika nglumahaken tangan, utawi kridha lumahing asta tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika aja seneng ngathung, utawi nggadhahi watak ingkang remen njagekaken dhateng pawewehing liyan. Punika pakarti ingkang boten sae.

Mengkurep punika ngurepaken asta, tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika senenga paweweh marang liyan sing tanpa pamrih. Senenga tetulung marang sapa wae sing mbutuhake pitulung, nanging aja nganti diweruhi dening wong akeh. Upama nindakake dana driyah, tangan tengen menehi dhuwit, paribasane tangan kiwa aja nganti weruh.

Modot punika modot pikirane, modot nalare, tegesipun dados tiyang tumitah wonten ing alam donya punika kedah tansah mbudidaya murih undhaking kawruh, dimen jembar wawasanipun.

Mlebu tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lerekipun dhateng kasaenan, kedah katampi saha dipun lebetaken dhateng manah utawi sanubari, minangka dados gegebenganipun tiyang gesang bebrayan.

Metu tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang sae ingkang migunani dhumateng bebrayan agung, kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.

Kajawi nindakaken Malima, resepipun bebrayan sae, punika kedah Tepa ing rasa, Dana ing tepa, saha Temen tobating rila.

Miturut ngendikanipun Ki Sri Sadhono Among Rogo: Tepa ing rasa tegesipun tepa punika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipun piyambak boten sakeca lan prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes.

Dana ing tepa tegesipun raos pangraos makaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei, drengki, jahil, methakil, dahwen, panasten, kamiopen.

Temen tobating rila tegesipun kakung, kanthi temen tresna dhateng garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Putri, semanten ugi, adatipun saged nyaketaken sih tresnanipun kakung.

Kajawi punika ugi kedah nindakaken Sacatur inggih punika Sarupa, Sajiwa, Sawanda lan Saekapraya.

Sarupa tegesipun kekalihipun rumaos manawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak. Sajiwa tegesipun kedah saged momong watak satunggal-satunggalipun. Sawanda tegesipun adeging bebrayan, pamoring jiwa kekalih. Saekapraya tegesipun kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami.

Hambok bilih namung semanten kemawon anakmas temanten, menggah anggen kula suka wawasan saha nularaken ing babagan wulang utamining bebrayan. Dene menawi kirang terang lan gamblang, saged rawuh ing pondhok kula kanthi sampun kesupen, jer sedaya kalawau boten lepat saking jer basuki mawa beya (namung gegujengan).

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, Wassalaamu’alaikum Wr. Wb.

Baca juga Baca juga Contoh teks atur Pambagyo Harjo Temanten singkat Bahasa Jawa

Demikian yang dapat kami sampaikan tentang “Contoh Pidato Wejangan Pengantin Baru Bahasa Jawa Malima” semoga memberi manfaat bagi anda yang ingin belajar bahasa Jawa dengan baik dan benar.

Berita Terkait

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia
Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari
Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata
Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa
Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi
Mengenal Perbedaan dan Penggunaan Ngoko Alus dan Ngoko Lugu dalam Bahasa Jawa
Minta maaf dalam bahasa Jawa
Dhapukane (susunan) tembung Jawa

Berita Terkait

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:44 WIB

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:38 WIB

Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata

Sabtu, 20 Juli 2024 - 15:11 WIB

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Minggu, 14 Juli 2024 - 11:34 WIB

Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:44 WIB

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Sabtu, 20 Jul 2024 - 15:11 WIB