Pacelathon tegese dan 10 contohnya berbahasa Jawa

- Author

Senin, 4 September 2023 - 09:23 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Kawruh BasaPacelathon berasal dari tembung lingga celathu yang artinya omongan atau bicara. Dalam bahasa Jawa pacelathon asale saka tembung lingga celathu, celathu tegese omongan utawi guneman.

Pacelathon tegese omong-omongan wong loro utawa luwih (percakapan dua orang atau lebih), kekarone bisa gentenan minangka penutur lan mitra tutur (ana sing omong ana sing nanggapi utawa ngrungokake).

Artinya: Pacelathon adalah percakapan dua orang atau lebih, keduanya bisa bergantian sebagai penutur dan mitra penutur (ada yang ngomong dan ada yang menanggapi atau mendengarkan).

Yang perlu diperhatikan untuk menyimak pacelathon yaitu:

  1. Topik atau bab yang dibicarakan.
  2. Siapa yang melakukan pacelathon.
  3. Tempat di mana percakapan dilakukan.

Kata-kata yang diucapkan ada yang berwujud tembung lingga dan ada juga tembung andhahan.

1. Tembung adalah kumpulan aksara/huruf atau wanda yang sudah memiliki arti/makna. Jenis tembung ada dua, yaitu tembung lingga (kata dasar), adalah tembung yang belum berubah dari asalnya, jadi belum mendapatkan ater-ater (awalan), seselan (sisipan), maupun panambang (akhiran).

Contoh: sinau, sapu, waca, tulis, gawe, dll.

2. Tembung andhahan (kata berimbuhan) adalah kata yang sudah berubah dari bentuk dasarnya.

Contoh: disinau, nyapu, diwaca, nulis, nggawe, dll.

Merubah tembung lingga menjadi tembung andhahan disebut ngrimbag. Salah satu cara ngrimbag tembung dengan cara memberikan wuwuhan (imbuhan). Wuwuhan ada 3 macam yaitu: wuwuhan yang lekat di depan tembung lingga disebut ater-ater.

Ater-ater ada 3 macam, yaitu:

1. Ater-ater anuswara: m-, n-, ng-, ny-.
Contoh:

  • m- + waca = maca
  • n- + tulis = nulis
  • ng- + gawe = nggawe
  • ny- + sapu = nyapu

2. Ater-ater tripurusa: dak (utama purusa), ko (madyama purusa, di (pratama purusa)
Contoh:

  • dak + pasang = dakpasang
  • ko + pangan = kopangan
  • di + jupuk = dijupuk

3. Ater-ater liyane: a-, ma-, sa-, pa-, pi-, pra-, pri-, ka-, ke-, kuma-, kami-, kapi-, dll
Wuwuhan yang lengket di tengah tembung lingga disebut seselan. Wujud seselan: el, er, um, in.

Wuwuhan yang lengket di belakang tembung lingga disebut panambang. Wujud panambang: -a, -an, -ana, -ane, -ake, -aken, -i, -ipun, -e, -en, -na, -ne, -ke, -ku. Contoh:

  • tangia
  • mangana
  • tulisna
  • tulisane
  • damelake
  • guntingake, dll.

Contoh pacelathon bahasa Jawa 2 orang tema majalah

Di bawah ini adalah pacelathon bahasa Jawa yang melibatkan 2 orang antara Bapak dan anaknya tentang majalah.

Bapak : Rohid, sapa sing nggawa majalah ana meja kene?
Rohid : Kula mboten ngertos Pak, mbok menawi Mbak Nurul
Bapak : Tenan, ora ngerti?
Rohid : Saestu Pak, kula mboten sumerap.
Bapak : Lha trus Mbak Nurul menyeng endi iki mau?
Rohid : Dhateng dalemipun Bu Sri, badhe ndamel kliping ngaten lho.
Bapak : Wah, mengko gek majalahe digawa mrana kanggo kliping.
Rohid : Bapak menapa dereng maos majalah kalawau?
Bapak : Ya durung, wong isih anyar.
Rohid : Lha inggih, mangke dipun damel kliping kaliyan Mbak Nurul.
Bapak : Ya muga-muga ora. Mesthine rak ya ngerti yen isish anyar.
Rohid : Nggih mugi-mugi mboten Pak. Majalah menapa ta Pak?
Bapak : Ya majalah basa Jawa, Jaya Baya lan penyebar semangat.
Rohid : Ooo… kalih ta majalahipun?
Bapak : Iya. Ya wis, mengko rak digawa bali. Wis kana dolana maneh.
Rohid : Inggih Pak, matur nuwun

Baca juga : Macam-macam Tembung Jawa lengkap penjelasannya

Contoh pacelathon bahasa Jawa 3 orang tema “energi listrik”

Di bawah ini adalah contoh pacelathon bahasa Jawa yang melibatkan dengan 3 orang tema energi listrik:

Ridho : Mas, mbok aku diajari nggarap tugas!
Tegar : Aku lagi repot kok Dhik. Engko bengi wae yen uwis sela.
Ridho : Repot apa? Padune ora gelem ta, wong tugasku sesuk kudu dikumpulake.
Tegar : Kowe kui ora percaya aku didhawuhi ibu, tumbas lampu neon. Kamangka ndadak neng toko sandhing pasar kae, trus engko isih ndadak masang lampu, dadi ora iso sakiki, ngerti rak …?!
Ibu : Ana apa ta kok dho ribut wae?
Ridho : Punika lho Bu, Mas Tegar kula suwun ngajari tugas mboten purun. Malah alesan criyosipun nembe repot dipunutus Ibu?
Ibu : Iya bener, Ibu dhawuh ngganti lampu neon sing mati, nanging sadurunge tukune neng toko pijar cedhak pasar kana.
Tegar : Krungu dhewe ta Dhik, dikandhani kok ngeyel!
Ridho : Lha ingkang ngajari tugas kula sinten Bu?
Ibu : Tugas apa ta Dho, yen Ibu bisa dak bantu nanging yen ora bisa ben diajari Mas Tegar.
Ridho : Lho Mas didhawuhi ta, dikandhani ngeyel.
Ibu : Malah eyel-eyelan, kana enggal dijupuk buku tugase.
Tegar : Nuwun sewu, mangke Ibu kemawon ingkang ngajari Dhik Ridho, kula badhe bidhal sapunika.
Ibu : Ya, mangkata sakiki supaya ora kewengen mulihe!
Ridho : Inggih Bu …
Ibu : Dho, Ridho. Bukune gawanen mrene wae!
Tegar : Inggih Bu, punapa kula dereng ngertos werni-werni ewah-ewahan energi listrik dhateng energi sanes.
Ibu : Walah, kowe saben dina weruh listrik murub, Ibu nyetrika, nonton TV, kipas angon mubeng, kabeh iku bukti owah-owahan energi listrik. Kabeh mau wis dijlentrehke ing buku kaca 27 iki!
Ridho : Inggih Bu, o inggih sedaya wonten ngriki. Maturnuwun Bu.
Ibu : Kowe iku pancen kesed maca lan nggoleki, lagi yen ora bisa takon aja lali mengko matura Mas Paijo yen wis bisa!
Ridho : hehe… Nggih Bu.

Baca juga : Asal usul Aksara Jawa secara ilmiah dan jenisnya

Contoh pacelathon Telpun antarane guru lan murid

Di bawah ini contoh pacelathon (percakapan) bahasa Jawa melalui telepon antara guru lan siswa.

Sari : Halo! Assalamualaikum! Punapa leres punika nomer telepunipun Bu Sri?
Bu Sri : Waalaikum salam! Inggih leres. Punika sinten nggih?
Sari : Kula Sari Bu.
Bu Sri : 0… Sari, ana perlu apa ko kadingaren telpun Ibu?
Sari : Mekaten buk kula badhe nyuwun ijin boten saged mlebet gladhen drama amargi badhe kesah dhateng rumah sakit.
Bu Sri : Lho… lho…. Sapa sing lara Sar?
Sari : Ibu kula ingkang Sakit DB wiwit dinten rebu wingi Bu.
Bu Sri : OO … Ya wis yen ngono ati-ati ing dalan. Salam kanggo ibumu ya. Muga-muga ibumu enggal waras.
Sari : Nggih Bu. Maturnuwun.

Contoh Pacelathon tentang Kerja Bakti

Di bawah ini adalah contoh Pacelathon tentang Kerja Bakti di desa Sedayu Tugu RT.09/RW.05, Kelurahan Sembungrejo, anak-anak diutus Pak RT mengerjakan kerja bakti agar membiasakan sejak kecil serta menjaga kebersihan lingkungan RT tersebut.

1. Pacelathon Anak-anak berkumpul

Ayun : Heh vel dek wingi pak RT ngendika apa?
Novel : Salahe kowe ora mangkat!
Ayun : Ya ampun ndhek wingi aku keturon!
Gita : Hih, kok malah bahas iki!
Danang : Iku lho ndhek wingi iku Pak RT ndhawuhi kene kerja bakti.
Farid : Kene diutus kerja bakti Pak RT ngresiki ngarep omahe dhewe-dhewe.
Novel : Kene ya diutus Pak RT ngelumpukke bocah-bocah sing liyane.
Ayun : Aku mengko ngundang tonggoku ya?
Gita : Lha bener iku, wonge saya akeh saya resik.
Danang : Tapi kapan ya ditindakake?
Farid : Ndhek wingi aku arepe takok kok lali.
Ayun : Apa mengko sore kene bareng-bareng dhateng dalemipun Pak RT.
Gita : Hee, mengko sore tak enteni ning pos ronda ya?
Ayun+Novel+Farid+Danang : Siap Bos!

2. Pacelathon berkumpul di pos ronda

Gita : Ayo, gage ning Pak RT.
Farid : Kosek go, sabar to ngenteni Danang.
Ayun : Lha iku bocahe.
Danang : Wah bejo aku ra mbok tinggal!
Novel : Wis nglumpuk kabeh to! Ayo mangkat.
Ayun+Novel+Farid+Danang : Yo. Ayo!

3. Pacelathon di rumah Pak RT

Novel : Assalamualaikum, sugeng sonten Pak.
Pak RT : Ya sore, kene mlebu ora usah isin.
Ayun+Novel+Farid+Danang : Nggih Pak.
Pak RT : Ana apa iki, kok bebarengan dho mrene?
Ayun : Kula kaliyan rencang-rencang badhe tanglet menawi kerja bakti.
Pak RT : O, ndhik ingi sik tak bahas nek ana kerja bakti?
Farid : Nggih Pak.
Gita : Niku kapan nggih Pak?
Pak RT : Ya apike sak cepete.
Danang : Menapa dinten minggu mawon Pak?
Pak RT : Ya, terserah kowe, aturen dhewe, pokoke klumpukna bocah-bocah supaya kerja bakti.
Novel : Nggih Pak, mengke kula rembugan kalih rencang-rencang sekecane pripun.
Pak RT : Ya wis, sepakat dina minggu to? Kandhanana sing liyane!
Ayun+Novel+Farid+Danang : Nggih Pak.
Farid : Nggih sampun, kula kaliyan rencang-rencang badhe wangsul.
Pak RT : Ya ngati-ati.

4. Pacelathon mengumpulkan anak-anak

contoh pacelathon sebelum kerja bakti

Danang : Heh, bocah-bocah sesuk minggu kudu kerja bakti!
Ayun : Jam 6 kudu wis ngumpul!
Farid : Kabeh nggawa piranti kanggo kerja bakti dewe.
Kanca liyane : Ya!

5. Pacelathon kerja bakti ing dina Minggu

Pak RT : Ayo bocah-bocah, bebarengan nglaksanakake kerja bakti, ben lingkungane resik.
Novel : Ayo kanca-kanca ewangi aku nyapu!
Gita : Iya.
Farid : Aku tak sing nandur kembang ya?
Ayun : Ya, tak ewangi aku tak tak njupuk pot sik.
Pak RT : Heh Nang Danang kowe ngewangi Pak RT, njabuti suket.
Danang : Nggih Pak.
Pak RT : Kanca cah wadon laine kon neng pawon nyepakake panganan karo ngombe!
Gita : Nggih Pak.

6. Pacelathon selesai kerja bakti

contoh pacelathon setelah kerja bakti

Pak RT : Ngene ya, lingkungane dadi resik ta? Suk kapan-kapan kerja bakti meneh ya!
Danang : Nggih Pak.
Ayun : Ngene ini nek ditindakake terus ndadekake suasana kang endah resik lan sehat.
Farid : Sakiki aku sneng nyawange.
Novel : Hee, tambah resik kabeh.
Gita : Ya nek wis rampung, aku balik sik ya soale genten ngresiki omahku!
Novel : Wah aku ya bareng, aku arepe ngewangi Ibu umbah-umbah.
Ayun : Ya wis ayo balik!

Demikian pembahasan pacelathon tegese dan 10 contohnya berbahasa Jawa, semoga menambah pengetahuan bagi anda yang ingin belajar bahasa Jawa.

Berita Terkait

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia
Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari
Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata
Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa
Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi
Mengenal Perbedaan dan Penggunaan Ngoko Alus dan Ngoko Lugu dalam Bahasa Jawa
Minta maaf dalam bahasa Jawa
Dhapukane (susunan) tembung Jawa

Berita Terkait

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:44 WIB

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Juli 2024 - 07:38 WIB

Pelajari Bahasa Jawa dan Artinya: Pengenalan, Struktur, dan Kosakata

Sabtu, 20 Juli 2024 - 15:11 WIB

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Minggu, 14 Juli 2024 - 11:34 WIB

Bahasa Jawa: Sejarah, Fungsi, Keunikan, kosakata, kamus, dan aplikasi

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Tabel daftar Bahasa Jawa dan Artinya dalam bahasa Indonesia

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:44 WIB

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa Ngoko, Krama, dan Halus dalam pergaulan sehari-hari

Jumat, 26 Jul 2024 - 07:39 WIB

Bahasa Jawa

Dialog Nebus Kembar Mayang dalam Bahasa Jawa

Sabtu, 20 Jul 2024 - 15:11 WIB