Contoh Pidato Ucapan Belasungkawa untuk orang meninggal dalam Bahasa Jawa

- Author

Senin, 5 Agustus 2024 - 11:25 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Pada saat melayat orang meninggal dalam adat masyarakat Jawa terdapat acara pidato ucapan Belasungkawa, baik dari organisasi tertentu maupun dinas perkantoran. Pidato tersebut biasanya diwakili oleh seseorang yang telah ditunjuk untuk mengucapkan rasa belasungkawa atas meninggalnya orang yang sedang dilayat.

Dalam bahasa Jawa ucapan ini disebut “atur belasungkawa saha panglipur“. Maksudnya, pidato ucapan tersebut mengandung rasa ikut berduka cita atas meninggalnya salah satu anggota keluarga serta menghibur keluarga yang ditinggalkan.

Ucapan belasungkawa menggunakan bahasa Jawa krama layaknya atur Pambagyo Harjo Temanten yang disaksikan oleh para tamu yang sedang melayat.

Bagi anda yang ingin belajar bagaimana melakukan pidato ucapan belasungkawa dalam bahasa Jawa yang simpel namun berisi, dibawah ini kami lampirkan contohnya. Silahkan ganti kata atau kalimat agar sesuai.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun,

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.

Keparenga kawula ing mriki, minangka talanging basa saking warga ageng …….. (Sekolah/Universitas/Kantor/Kelurahan), saperlu atur belasungkawa wonten madyaning dhuhkita ing siyang kalenggahan punika.

Kanthi puput yuswanipun panjenenganipun Bapa/lbu …………..warga ageng ………… karenan (Sekolah/Universitas/ Kantor/Kelurahan), rumaos kecalan satunggaling pepundhen ingkang sanget dipun tresnani.

Langkung-langkung menawi ngemuti sepinten ta lelabetipun almarhum/almarhumah rikala sugengipun, anggenipun tansah hanuntun, hamomong,saha hanggulawenthah ingkang lerekipun dhateng kasaenan, karukunan saha katentreman ing bebrayan agung. Pramila dhumateng sedanipun Bapak/Ibu ………. Warga ageng ………….. (Sekolah/Universitas/Kantor/Kalurahan), ndherek bela sungkawa ingkang salebet-lebetipun, bebasan ngantos kandhas mandhesing raos matrenyuh.

Ingkang punika dhumateng panjenenganipun adhimas ………….. sagotrah, ingkang katemben kapanduking dhuhkita, kawula mangertos kados pundi gempiling penggalih panjenengan labet kapedhotan katresnan tinilar ingkang rama/ibu marak wonten ngayunanipun Pangeran. Mangka cihna panjenengan taksih kepingin tinengganan, pramila boten kendhat anggen panjenengan tansah mbudidaya pados usada, murih ingkang ramal/ibu nirmala waloya temahan jati, jati temahan waloya.

Nanging sadaya wiradat kalawau boten saget ngungkuli garising kodrat, ateges gagar wigar datanpa karya. Hambok bilih punika mapan sampun dados garising pasthi, kawengku dening jidharing papesthen, jer papesthen punika awit saking karsaning Gusti ingkang Murbeng Gesang. Kridhaning pambudi tan kuwawi mbedhah kuthaning pasthi, budidayaning manungsa tan bisa ngungkuli garising Kawasa. Sanadyan kados pundi pambudidayanipun titah ihtiyaripun manungsa, menawi sampun kinarsakaken ing Gusti, titah namung pasrah sumarah, insani namung sadremi bekti saha nglampahi.

Mila kanthi papesthen punika, sumangga kita ikhlasaken arwahipun almarhum/almarhumah ingkang sampun marak sowan wonten ngayunanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad, kanthi puji donga mugi-mugi arwahipun tinampi wonten ngayunanipun Gusti Allah SWT, dipun apunten sadaya dosa lan kalepatanipun, dipun paringana papan ingkang jumbuh kaliyan lelabetipun dhumateng bangsa, negari, dalah agami, punapa dene bebrayan agung.

Semanten ugi ingkang tinilar, dipun paringana tabah, tawakal, sentosa manahipun, sahengga saged netepi punapa ingkang dados kekudanganipun tiyang sepuh. Salah satunggilipun kekudanganipun tiyang sepuh, menawi para putra menika dados putra ingkang sholeh.

Jumbuh kaliyan Sabda Rasulullah SAW: “Idzaa maata bnu aadamu inqatha’a amaluhu, ilaa min tsallaatsin“, : Tiyang punika menawi sampun puput yuswa amalipun mandheg, ingkang dipun beta namung tiga. Mila menawi tiyang puput yuswa, dipun paringi gelu, tegesipun tugel amale sing digawa mung telu, inggih menika

– Ingkang sepisan; “Shadadqatin jaariyatin“, amal jariah.

– Ingkang angka kalih: “Au’ilmin yuntafa’u bihi” ngilmu ingkang migunani. Kekalihipun punika sampun rinegem dening panjenenganipun almarhum/almarhumah duk rikala sugengipun.

– Wondene ingkang angka tiga: “Aau waladin shaalihin yad’uu lahu”, . putra ingkang sholeh inggih punika putra ingkang tansah ndedongakaken dhateng tiyang sepuhipun. Menawi para putra tansah ndedongakaken, nyuwunaken pangapunten sadaya kalepatan tiyang sepuhipun, ateges putra punika saget nyuwargakaken dhateng tiyang sepuh. Dados putra ingkang makaten punika, sampun saged dipun westani, putra ingkang sampun saged mikul dhuwur mendhem jero dhumateng tiyang sepuh.

Hambok bilih namung semanten ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi saged dados panglipuring batos.

Minangka puputing atur, menawi wonten keladuking pangucap nyuwun pangapunten.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah.

Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Demikian contoh Pidato Ucapan Belasungkawa dalam Bahasa Jawa, semoga bermanfaat bagi anda yang membutuhkan.

Baca juga Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung dan Panampi Singkat Bahasa Jawa

Berita Terkait

Ucapan Ultah Bahasa Jawa: Menyampaikan Doa dan Harapan dengan Kearifan Lokal
Kintun Bahasa Jawa Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Kehidupan Sehari-Hari
Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?
Peli dalam Bahasa Jawa: Makna dan Budaya di Baliknya
Turut Berduka Cita dalam Bahasa Jawa: Ungkapan Duka dengan Nilai Budaya yang Khas
Kamus Bahasa Jawa Online: Jembatan Menuju Kekayaan Budaya Nusantara
Memikat Pendengar dengan Pembukaan Presentasi Bahasa Jawa yang Memorable
Quotes Bahasa Jawa: Warisan Kebijaksanaan Leluhur yang Sarat Makna

Berita Terkait

Sabtu, 7 September 2024 - 13:53 WIB

Ucapan Ultah Bahasa Jawa: Menyampaikan Doa dan Harapan dengan Kearifan Lokal

Sabtu, 7 September 2024 - 13:50 WIB

Kintun Bahasa Jawa Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Kehidupan Sehari-Hari

Sabtu, 7 September 2024 - 13:45 WIB

Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?

Kamis, 5 September 2024 - 09:40 WIB

Peli dalam Bahasa Jawa: Makna dan Budaya di Baliknya

Kamis, 5 September 2024 - 09:32 WIB

Turut Berduka Cita dalam Bahasa Jawa: Ungkapan Duka dengan Nilai Budaya yang Khas

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?

Sabtu, 7 Sep 2024 - 13:45 WIB