Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Sepasaran dan Selapanan Bayi bahasa Jawa

- Author

Sabtu, 3 Agustus 2024 - 08:38 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Untuk mewujudkan rasa syukur kepada Yang Maha Kuasa atas diberikannya bayi yang telah dilahirkan, biasanya masyarakat Jawa mengundang tetangga dan sanak saudara ketika bayi telah berumur sepasar (5 hari) dan/atau selapan (35 hari). Setelah para tamu undangan datang, maka yang punya hajad (Bpk/Ibu) bayi akan mengutus seseorang yang biasa berpidato untuk mengucapkan atur pambagyo harjo.

Untuk itu, di bawah ini kami berikan contoh Pambagyo Harjo Sepasaran dan Selapanan Bayi dalam bahasa Jawa. Silahkan ubah menurut kebutuhan anda.

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri, ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Katentreman, kabagyan saha karahayon kagunganipun Gusti ingkang Maha Mirah, mugi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya, hangluberana dhumateng kawula.

Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, mugi pinarengna kawula cumanthaka marak ngarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun kadang kula anem adhimas ……………. (nama ayah bayi) kula piniji minangka talanging basa, kinen hangaturaken menggah wigatosing gati pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika.

Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh, sinartan agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene panjenenganipun para tamu sampun kepareng jurung wungon tirakat wonten ing dalu punika, mracihnani bilih semanten agenging raos sih katresnan panjenengan dhumateng adhimas ….;…………..(nama ayah bayi) sakkulawarga.

Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, saperlu nglajengaken wungon tirakat sakeparengipun. Wondene menggah wigatosing gati wontenipun pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika, keparenga ngaturi wuninga bilih rikala dinten …………… (hari dan tanggal kelahiran bayi) surya kaping ………….. (bulan kelahiran bayi) wanci tabuh ……………(jam kelahiran bayi) wonten ing ………… (rumah sakit kelahiran bayi) kadang kula anem adhimas ………………..(nama ayah bayi), pinaringan momongan mijil jalu/pawestri, ingkang ing dalu kalenggahan punika kaleres jangkep sepekenanipun/selapanipun.

Ibu dalah ponang jabang bayi, kaparingan rahayu wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Wondene pun jabang bayi kaparingan tetenger (nami/nama) ………………….

Ingkang punika dhumateng panjenenganipun para tamu, keparenga paring tambahing donga pamuji, mugi-mugi kadang kula anem adhimas ……………. (nama ayah bayi) sakukuban, tansah pinaringan rahmating Pangeran saha pun jabang bayi ing akhir dewasanipun dadosa lare ingkang utami, bekti dhumateng Gusti punapa dene tiyang sepuh, miwah piguna dhumateng nusa lan bangsa, murakabi dhumateng sesami.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning boja krami, anggen kawula hanampi menggah karawuhan panjenengan sami, inggih ingkang nata palenggahan, atur pasugatan, punapadene para putra anggenipun atur leladi kirang mranani ing penggalih, mawantu-wantu kadang kula anem adhimas …………….. (nama ayah bayi) nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Semanten ugi, kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten keladuking patrap saha pangucap, tuna dungkaping paramasastra ingkang boten anuju prana, kupat duduhe santen menawi lepat nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah. Wassalamu“alaikum Wr. Wb.

Baca juga Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Supitan

Berita Terkait

Ucapan Ultah Bahasa Jawa: Menyampaikan Doa dan Harapan dengan Kearifan Lokal
Kintun Bahasa Jawa Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Kehidupan Sehari-Hari
Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?
Peli dalam Bahasa Jawa: Makna dan Budaya di Baliknya
Turut Berduka Cita dalam Bahasa Jawa: Ungkapan Duka dengan Nilai Budaya yang Khas
Kamus Bahasa Jawa Online: Jembatan Menuju Kekayaan Budaya Nusantara
Memikat Pendengar dengan Pembukaan Presentasi Bahasa Jawa yang Memorable
Quotes Bahasa Jawa: Warisan Kebijaksanaan Leluhur yang Sarat Makna

Berita Terkait

Sabtu, 7 September 2024 - 13:53 WIB

Ucapan Ultah Bahasa Jawa: Menyampaikan Doa dan Harapan dengan Kearifan Lokal

Sabtu, 7 September 2024 - 13:50 WIB

Kintun Bahasa Jawa Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Kehidupan Sehari-Hari

Sabtu, 7 September 2024 - 13:45 WIB

Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?

Kamis, 5 September 2024 - 09:40 WIB

Peli dalam Bahasa Jawa: Makna dan Budaya di Baliknya

Kamis, 5 September 2024 - 09:32 WIB

Turut Berduka Cita dalam Bahasa Jawa: Ungkapan Duka dengan Nilai Budaya yang Khas

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Apa Arti “Iclik” dalam Bahasa Jawa?

Sabtu, 7 Sep 2024 - 13:45 WIB