Contoh teks Panyandra Kirab Kanarendran Pengantin Jawa

- Author

Rabu, 14 Agustus 2024 - 08:33 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Kawruh Basa – Dalam upacara temu nganten (pengantin) Jawa setelah acara Suba Manggala Mapag Kirabing Temanten maka acara selanjutnya adalah Kirab Kanarendran. Kanarendran berasal dari kata dasar “narendra” yang artinya raja. Maka pada acara ini pengantin diibaratkan sebagai raja dan permaisuri.

Dalam acara ini pranatacara atau pambiawara mengucapkan berbagai kalimat panyandra untuk melukiskan kedua pengantin dengan kalimat bahasa krama dan bahasa Kawi yang akan memperindah suasana.

Dalam melakukan panyandra pengantin putra dan putri diantar oleh Subamanggala berjalan di depan pengantin bersama satrio kembar dan di belakangnya diiringi anak-anak putri yang disebut Putri Dhomas berjumlah genap biasanya 10. Pada acara kirab ini kedua mempelai berdandan layaknya sang raja dan permaisuri.

Proses kirab kanarendran ini biasanya diiringi ketawang Sri Narendro dengan mengambil titi laras Slendro 6, Pelog 6 atau Pelog Barang.

Baca juga Contoh Teks Panyandra Sowanipun Temanten Kakung

Nah, bagi anda yang akan belajar bagaimana melakukan pidato panyandra berikut kami lampirkan contoh teksnya.

Subomanggolo sedang memimpin jalannya Kirab kanarendran pengantin Jawa

Regu regeng hamrebawa, risang temanten sarimbit medhak saking palenggahan, pinapag Sang Suba Manggala arsa jengkar tilar pawiwahan, kinirapaken ngulati Wahyuning Jodho. Tedhak jleg ngampil amparan rukmi, ginarubyug para remaja putri sahengga Putri Dhomas, horeg reg kang samya hanjenengi, prasasat kadi Narendra siniwaka satuhu, arsa jengkar hangedhaton.

Binayang-bayang sirna kamanungsane, lir Dewaning Kabagyan arsa nganglang bawana nganglangi langening langen. Ramyang-ramyang katongton kenyare hanuksmeng sasi, tandha wus kasipatan Wahyuning Jodho jatmika, hamrebawa handayani warata sanggya kang hanjenengi kadya antuka gempalaning nugraha.

Sinten ta ing ngarsa asung tuladha ingkang minangka pramukaning lampah, busana lir Panewu mantri, mataya ngrantaya kadi angganing Senopati, lah menika ta warnane Sang Suba Manggala ya sang Manggala Suba.

Dhasar pidegsa sarwa sambada, maksih mudha tumaruna wimbuh hambeg susila hanoraga, lebda reh wileting beksa, lampah ngrantaya anut rarasing wirama, hanggung kendel tindake sapecak mangu sapecak tumuleh, tansah kadriya marang tembene winisudha sandeya manawa kasandhunging rata, kabentusing tawang-towang.

Sumambung ing wuntat lampahe Manggalayuda sakembaran. Kembar busanane, kembar dedeg piyadege, kembar wamane. Tinon saking mandrawa kadya jambe sinigar, pasuryane sumunar agilar-gilar, ngagem busana sarwi jenar, mila boten mokal lamun para kenya padha kumesar, handulu baguse satriya kembar.

Sawurinira ana dwi wanodya alit sakembaran, parandene wus katingal sumunar tejane, mencorong cahyane. Tinon saking mandrawa, glewo-glewo kadya golek kencana kang bisa tata janma inggih punika warnanira patah sakembaran.

Sinigeg gantya kang cinarita, sinten ta ing madya mangun karsa, kang busana lir Raja kabiwadha, lah punika ta ingkang dados mustikaning karya, memaniking kandha jatining kang rinengga, Sang temanten kekalih Bagus ……………..(nama pengantin putra) kaliyan Rara ………..(nama pengantin putri).

Lumampah kekanthen asta, keket raket renggang gula kumepyur pulut. Kekalihnya sajak lingsem nanging suka, hanggung reremetan asta, nggraita yen sadaya tamu mboten wonten ingkang pirsa, kajawi pangendhaliwara.

Dhasar wus dangu denira hanganti tumapaking pahargyan, marma sakedhap-sakedhap hangunjal huswa hanggeget lathi, karana tansah kadriya kang ginupit mangke ing tilam sari.

Sawingkingnya sang pinanganten, lah punika ta Ibu juru paes dalah Ibu pangembaning putra temanten sekaliyan. Dhasar ibu juru paes prigel trampil angayahi jejibahan, angrengga amematut amemantes sang pinanganten, mila asiling pakaryan satuhu datan nguciwani. Semanten ugi, Ibu pangembaning putra temanten ugi prigel lan pinter nata balewisma, momong putra datan kuciwa.

Lampahira sang pindha Raja ginarubyuk para remaja putri esthining lir Putri Dhomas. Dhasar sadaya sami sulistyeng wami, gandhes luwes merak ati, lelewane milangoni. Ing pangajab mbenjang dadya putri kang sejati, kadya swargi Raden Ajeng Kartini, ingkang kahesthi – amung sawiji, mugi-mugi mbenjang winengku satriya sejati, yen ora dosen STSI trima prei.

Ingkang kepareng tut wuri handayani lah menika ta ingkang hamengku karya sarimbit garwa, hangliring kanan kering, sajak sarju katuju ing penggalih, wuningani baludaging tamu mbalabar dumugi ing margi-margi, dene katingal sami suka marwata suka, bombonging penggalih prasasat mboten kenging pinetha ing basa, sewu bagya dadya sajuga.

Demikian yang dapat kami sampaikan mengenai “Contoh teks Panyandra Kirab Kanarendran Pengantin Jawa“, semoga bermanfaat bagi anda yang ingin belajar menjadi pranatacara atau pambiawara.

Baca juga Contoh Panyandra Upacara Panggih Temanten Jawa

Berita Terkait

Drama Bahasa Jawa, Menghidupkan Budaya Lewat Lakon
Contoh berita bahasa Jawa tema Tradisi Bersih Desa
Kamus bahasa Jawa krama inggil dan artinya
Cerita Pengalaman dalam Bahasa Jawa: Kisah Lucu dari Masa Kecilku
Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan: Pentingnya Pendidikan untuk Masa Depan
Contoh Teks Narasi dalam Bahasa Jawa: “Lelakone si Bagas Nglakoni Lomba Panahan”
Kenyang dalam Bahasa Jawa: Lebih dari Sekadar Perut Terisi
Bahasa Jawa-nya “Mereka”: Memahami Penggunaan Kata Ganti Orang Ketiga

Berita Terkait

Kamis, 19 September 2024 - 11:05 WIB

Drama Bahasa Jawa, Menghidupkan Budaya Lewat Lakon

Kamis, 19 September 2024 - 10:57 WIB

Contoh berita bahasa Jawa tema Tradisi Bersih Desa

Selasa, 17 September 2024 - 08:37 WIB

Cerita Pengalaman dalam Bahasa Jawa: Kisah Lucu dari Masa Kecilku

Selasa, 17 September 2024 - 08:26 WIB

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan: Pentingnya Pendidikan untuk Masa Depan

Senin, 16 September 2024 - 19:44 WIB

Contoh Teks Narasi dalam Bahasa Jawa: “Lelakone si Bagas Nglakoni Lomba Panahan”

Berita Terbaru

Bahasa Jawa

Drama Bahasa Jawa, Menghidupkan Budaya Lewat Lakon

Kamis, 19 Sep 2024 - 11:05 WIB

Bahasa Jawa

Contoh berita bahasa Jawa tema Tradisi Bersih Desa

Kamis, 19 Sep 2024 - 10:57 WIB