Contoh Teks Janturan Putri Dhomas Purwakanthi

Avatar of Supriyadi Pro

- Author

Jumat, 16 Agustus 2024 - 09:45 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

Kawruh Basa – Contoh Teks Janturan Putri Dhomas Purwakanthi: Pada saat Kirab Kasatriyan, pengantin Jawa didampingi oleh putri dhomas. Putri dhomas adalah sekelompok gadis remaja yang belum menikah yang mengiringi jalannya pengantin. Mereka berdandan layaknya putri kraton, sehingga tampaklah khas gadis Jawa seperti jaman kerajaan. Namun ada juga yang dirias gaya modern atau islami.

Nah, pada saat ini pambiawara atau pranatacara melakukan panyandra berbentuk purwakanthi. Dengan menggunakan purwakanthi apa yang diucapkan pranatacara menjadi semakin indah di dengar. Janturan putri dhomas menggunakan bahasa Jawa ngoko alus (halus) yang kalimatnya bernada jenaka, sehingga sedikit banyak akan menghibur semua tamu yang mendengarkan.

putri dhomas gaya islami
Contoh Teks Janturan Putri Dhomas Purwakanthi 2

Bagi anda yang ingin belajar bagaimana melakukannya, di bawah ini kami sertakan teks janturan purwakanthi putri dhomas.

Nalika samana tindakira putra temanten sarimbit ginarubyug para remaja putri esthane lir putri dhomas. Lampahe ngemu wiraga, eseme dinawa-dawa, lelewane sajak leleda, pamrihe sang juru gambar pijere mara.

Dhasar sadaya sami sulistya ing warna, tur taksih kenya remaja ndungkap dewasa. Sanadyan kembar busana nanging modhel cengkok lan wiragane maneka warna.

Ana saweneh kenya ingkang cundhuk puspita menur. Dhasar wanodya kang tansah lelumban ing pawiyatan luhur, karemane dhahar rujak cingur, unjukane bae mesthi galian singset cap air mancur. Senengane kukur-kukur aneng dhapur, karo sesambat marang Gusti ingkang Maha Luhur. Dhuh Gusti saiki umurku wis telu likur, gek besuk kapan ngomahku rinengga-rengga janur, sing rawuh hanjenengi para priyayi kang kondhang lan misuwur, dadya tepa palupining sanak lan sedulur.

Ana saweneh kenya ingkang cundhuk puspita melathi. Dhasar wanodya ingkang endah sulistya ing warni, gandhes luwes merak ati, lelewane milangoni. Rina wengi amung tansah nyenyuwun marang ngarsaning Gusti, ing pangajab mbenjang dadya putri kang sejati, kadya swargi Raden Ajeng Kartini. Ingkang kaesthi amung sawiji, mugi-mugi mbenjang winengku jejering priya utami, nanging yen ora entuk Dosen STSI trima prei.

Ana saweneh kenya ingkang cundhuk puspita arum ndalu, dhasar wanodya ingkang endah lan ayu, tur pinter dhasare sregep sinau, mula nganti dilem karo pak Guru. Senengane amung ngremet pucuking kacu, karo sesambat marang rama lan ibu. Dhuh rama-ibu, tak rewangi rina wengi ora tau turu, nganti awakku katon kuru, mung aku kepingin dimantu, nanging kok kalah dhisik karo kancaku.

Ana saweneh kenya ingkang kekalung puspita rinonce. Dhasar wanodya sulistya warnane, hangujiwat eseme, gandhes luwes sak solahe, yen ngguyu dhekik pipine. Kapiyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerake kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene akehe, bregas kabeh paraga among tamune, trengginas trampil kabeh panitiyane, panatacarane kancane dhewe.

Ana saweneh kenya ingkang katingal sakedhap-kedhap sukune mung tansah diangkat, kapiyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning Gusti Ingkang Akarya Jagad. Adhuh tobat-tobat, tak rewangi tirakat seprapat abad, nganti kuliahku wis tamat, gek mbesuk kapan aku dipek mantu karo pak camat, sing rawuh hanjenengi ora mekakat, kabeh priyayi luhur lan pangkat, tur suguhane warna papat.

Ana saweneh kenya ingkang katingal sakedhap-sakedhap sesambat marang Gusti Kang Murbeng Gesang. Adhuh Gusti wiwit cilik aku wis digadhang-gadhang, esuk kalawan sore mung tansah kinudang-kudang, aja pisan-pisan aku mbesuk winengku priya sembarang orang, kajaba seniman dhalang, sanadyan ora kondhang, nanging isih isa mayang. (Nara Sumber; Hardi Suparlan)

Demikian “Contoh Teks Janturan Purwakanthi Putri Dhomas“, semoga dapat memberikan tambahan wawasan bagi anda yang membutuhkannya, misalnya yang ingin belajar menjadi pambiawara atau pranatacara.

Berita Terkait

Arti Kata “Cepet” dalam Bahasa Jawa dan Penggunaannya dalam Kehidupan Sehari-hari
Sugeng Ambal Warsa: Ucapan Selamat Ulang Tahun dalam Bahasa Jawa
Tansah Artinya: Makna, Penggunaan, dan Contoh dalam Bahasa Jawa
Tansahayu Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Bahasa Jawa
Arti dan Makna Bebingah dalam Bahasa Jawa
Selatan: Arti dan Penggunaan dalam Bahasa Jawa
Bausastra Jawa: Mengenal dan Memanfaatkan Kamus Jawa untuk Belajar Bahasa
Gedang dalam Bahasa Jawa: Arti, Jenis, dan Contoh Penggunaannya

Berita Terkait

Kamis, 17 Oktober 2024 - 11:06 WIB

Arti Kata “Cepet” dalam Bahasa Jawa dan Penggunaannya dalam Kehidupan Sehari-hari

Kamis, 17 Oktober 2024 - 10:48 WIB

Sugeng Ambal Warsa: Ucapan Selamat Ulang Tahun dalam Bahasa Jawa

Rabu, 16 Oktober 2024 - 09:54 WIB

Tansah Artinya: Makna, Penggunaan, dan Contoh dalam Bahasa Jawa

Rabu, 16 Oktober 2024 - 09:48 WIB

Tansahayu Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Bahasa Jawa

Senin, 14 Oktober 2024 - 10:09 WIB

Selatan: Arti dan Penggunaan dalam Bahasa Jawa

Berita Terbaru

Uncategorized

Ucapan Ulang Tahun dalam Bahasa Jawa Halus

Kamis, 17 Okt 2024 - 10:54 WIB

Bahasa Jawa

Sugeng Ambal Warsa: Ucapan Selamat Ulang Tahun dalam Bahasa Jawa

Kamis, 17 Okt 2024 - 10:48 WIB

Bahasa Jawa

Tansah Artinya: Makna, Penggunaan, dan Contoh dalam Bahasa Jawa

Rabu, 16 Okt 2024 - 09:54 WIB

Bahasa Jawa

Tansahayu Artinya: Makna dan Penggunaannya dalam Bahasa Jawa

Rabu, 16 Okt 2024 - 09:48 WIB